Wednesday, November 20, 2019

UPACARA ADAT


Teks deskriptif yakuwe karangan sing isine nggambarake sawijining objek ( bisa panggonanutawa wewujudan liyane) kanthi jelas sapa sing maca paragraf  kiye kaya- kaya ngerti dhewe objek sing digambarake ana ing sajroning paragraf.
Upacara adat yakuwe sawijine ritual sing dilakoni kanthi bareng-bareng nang kelompok masyarakat. Esih duwe sesambungan etnis, suku utawane kabudayan.Bab kuwe dienggo nggolet tujuan sing sumbere sekang nilai-nilai leluhur lan nenek moyange
Nang tlatah banyumas khususe ana tradisi-tradisi sing kulina dilakoni upamane ana ana acara kenduren / slametan, ruwatan, tradisi nikahan, begalan, mitoni/tingkeban lan liya-liyane.
 Contoh teks deskriptif upacara adat
 BEGALAN


Begalan kuwe pacakan seni tutur tradisi sing diramu seni tari, pigunane nggo srana nyumponi urut-urutan upacara Pengantenan. Di gelar sejrone acara tekane rombongan penganten lanang mlebu maring plataran (latar) penganten wadon. Uba rampene wujud alat-alat dhapur sing diarani "Brenong Kepang". Kuwe jan-jane salah sijine gawan penganten lanang, go nyumponi syarat adat mBanyumas sing tegese (makna simbolis)gathuk karo falsafah Jawa khususe wewengkon mBanyumas. Contone: ilir, iyan, cething, kusan, kalo (saringan ampas), tampah (nyiru), sorokan, centhong, siwur, irus, kendhil karo wangkring lan wlira. Egin ditambah maning karo ubarampe sajen, yakuwe pala pendhem, pala gantung, pala kesimpar, kembang pitung rupa/werna, beras kuning, sewernane gegodhongan,gedhang raja lan gedhang emas, endhog ayam,lan liya-liyane egin akeh maning. Sandhangane wong sing kedhapuk upacara begalan kiye kudu nganggo klambi kampret srawa ireng, bebed lancingan bathik Banyumasan,ikete wulung jeblagan, lan sikile kudu nyeker ora kena nganggo trumpah.
Upacara Begalan kiye isine pitutur nggo penganten sakloron gole arep mbangun somah. Sejrone catur-gunem upacara, kuwe diwedharaken pitutur becik nggo penganten lan tamu sing pada teka ngrubung, kadhang-kadhang dibumboni glewehan-glewehan kepriwe carane wong urip omah-omah lanang-wadon. Pagelaran seni kiye diiring gendhing Jawa Banyumasan [Ricik-ricik, crebonan, gunung sari, gudril lan eling-eling ].
Maksud lan prelambang dibegal: "sing dibegal, kuwe dudu dunyane, tapi Bajang Sawane kaki penganten lan nini penganten".
Upacara kiye di wakilaken tukang njoged sing wis biasa (dhukun begalan), gunggunge ana wong loro; sing siji dadi wakile penganten wadon gawane "Wlira" ruyung jambe (sigaran wit jambe), dene wakil penganten/besan lanang nggawa "Brenong Kepang" kuwe isen-isene prabot dapur.
Biasane bar gelaran, "Brenong kepang" (alat dapur) sing digawa kuwe dibalangaken kanggo rebutan/rayahan penonton.
Adat Begalan mujudna salah sijine adat tradhisi sing anane mung nang Kabupaten Banyumas. Adat kiye diwarisna turun temurun. Begalan kiye dadi adicara adat sing ditindakna sadurunge adat panggih manten.Tradhisi begalan kiye dianakna nek sing krama kuwe putra mbarep karo putra mbarep, putra ragil karo putra ragil, putra mbarep karo putra ragil, lan nek sing krama putra mbarep wadon.
Begalan asale sekang tembung begal. Nang basa Jawa Banyumas tembung begal kuwe tegese padha karo tembung rampog. Mula begalan bisa uga duwe mangsud mbegal utawa ngrampog nang tengah dalan. Miturut critane, adat begalan kuwe dimolai sekang crita jamane Adipati Wirasaba. Nalika semana Adipati Wirasaba arep palakrama karo putrine Adipati Banyumas. Adipati Wirasaba karo rombongane arep tindak maring Kadipaten Banyumas lan ngasta kabeh pirantine sing nggo pengantenan. Nang tengah dalan, rombongan Adipati Wirasaba dibegal. Perang tandhing ora bisa diendhani, ningen rombongane Adipati Wirasaba menang lan para begale kalah njur padha colong playu. Panggonan utawa desa sing diliwati  sing bisa dadi seksi anane sejarah begalan, kaya ta desa Sokawera, Pegalongan lan Cindaga.
Adat begalan nang masyarakat Banyumas seliyane nggo nguri-uri adat tradhisi leluhur, nang saperangan masyarakat Banyumas uga percaya nek adat kiye bisa ngruwat penganten sakloron. Adat Begalan diparagakna nang wong loro, yakuwe paraga Gunareka karo Rekaguna. Gunareka duwe ayahan nggawa kanthi cara mikul piranti sing nggo masak sing arep dijujugna maring panggonane penganten putri. Gunareka teka maring panggonane pengaten putri bareng karo rombongane penganten kakung. Piranti dapur kiye diprecaya duwe makna utawa pesen nggo penganten, lan nggo masyarakat. Dene Rekaguna maragakna dadi beagle.
Pesen utawa simbol sekang piranti begalan diwedharna nang paraga Gunareka karo Rekaguna  sedurunge kedadeyan mbegal nang sengarepe penganten sekloron lan masyarakat sing padha ndeleng.
Gunareka nggone nggawa  piranti kanthi cara dipikul nganggo brenong kepang. Piranti-piranti kuwe kayata cething, centhong, irus, siwur, kusan, saringan lan wangkring. Piranti-piranti sing dipikul Gunareka jere ana maknane, yakuwe :
1.   Cething yakuwe piranti sing nggo wadhah sega sing digawe sekang pring. Cething kiye duwe simbol nek manungsa urip nang bebrayan ora bisa urip dhewek tanpa pambiyantu sekang wong liya. Mula kudu bisa srawung kanthi becik karo wong liya lan lingkungan.
2.  Centhong yakuwe piranti sing nggo nyidhuk sega sing digawe sekang bathok klapa. Centhong duwe makna nek wong wis umah-umah kudu bisa ndeleng lupute awake dhewek (introspeksi), supaya pas ana perkara bisa ngrampungi nganggo cara sing apik, ora padudon.
3.   Irus yakuwe piranti sing digawe sekang bathok klapa, gagange sekang pring sing gunane nggo nyidhuk jangan. Irus duwe makna wong sing wis umah-umah kudu setya maring garwane ora kena kegodha maring wong liya.
4.     Siwur yakuwe piranti sing digawe sekang bathok klapa wutuh, digarani nganggo pring sing gunane nggo nyidhuk banyu sekang wadhah banyu (jembangan). Siwur dadi simbol nek rasa tresna wong sing wis umah-umah kudu mligi nggo garwane, aja nganti tresnane nggo wong liya.
5.    Kusan digawe sekang anyaman pring sing wujude ngrucut kaya gunung, duwe makna nek wong sing wis umah-umah kudune gelem sengkud anggone nyambut gawe nggo nyukupi kebutuhan kulawarga.
6.   Ilir yakuwe kipas sing digawe sekang anyaman pring, biasane wujude pesagi papat. Ilir duwe makna nek wong sing wis umah-umah kudune bisa mbedakna laku sing ala lan becik. Sing ala mesthine disingkiri, lan sing becik kudune dilakoni.
7.     Iyan yakuwe piranti sing digawe sekang anyaman pring sing gunane nggo wadhah sega sing nembe dientas banjur dikipasi nganggo ilir. Ian dadi simbol nek panggonane nang bumi, mula padha bisaa njaga bumi lan isine.
8.    Saringan pring, duwe makna nek manungsa kudu bisa nyaring kabar sing apik lan ala. Ora kabeh kabar kuwe bisa diprecaya, apa maning dienggo, mulane  aja gampang kenang godhaning kabar.
9.    Wangkring digawe sekang pring sing gunane nggo mikul, mralambangna nek wong sing wis umah-umah bisa mikul tanggung jawab minangka kakung lan garwa, uga bisa mikul tanggung jawab minangka masyarakat lan umate Gusti Allah.

Slametan Wong Meteng

Mitoni/Tingkeban
Upacara mitoni uga darani tingkeban asale sekang tembung pitu, mula darani upacara mitoni, yakuwe upacara slametan sing danakna pas umur wetengan wong meteng wis tekan pitung wulan, lan ngepasi meteng pisanan. Mitoni utawa slametan pitung wulanan, delakoni sewise wetengane si ibu genep umur 7 wulan utawa lewih. Anggone nganakna ora kena kurang saka 7 wulan, senajan mung sedina. Ora nana weton utawa dina pasaran sing nggo pathokan anggone nindakna, biasane nganggo dina Selasa utawa Setu. Tujuane slametan mitoni kuwe supaya ibu karo calon bayine tansah deparingi wilujeng, sentosa, lan slamet.
Ubarampe sing perlu disediyakna pas arep nganakna slametan yakuwe:
1.       Klubanan mateng, yakuwe sayuran werna pitu, kudu ana kangkung lan kacang dawa, aja ditugeli, dijor dawa-dawa, kabeh sayuran degodhog, terus diurab karo bumbu kluban;
2.      Sega Asin, yakuwe sega sing decampur karo bumbu pelas lan welut terus didang;
3.      Jajan pasar, yakuwe panganan jajanan pasar werna 7 jinis;
4.      Rujak, yakuwe rujak sing digawe sekang buah werna 7, dibumboni pedhes;
5.      Ampyang wis degoreng;
6.      Sewernane pala, yakuwe pala kependhem (kacang wiji, budin, tales), pala gemantung (waluh), pala rambat (munthul, uwi, gembili), kabeh digodhog;
7.      Ketan lan wajik;
8.      Endhog;
9.      Pisang raja. Manut tradisi Jawa sing nggawe bumbu rujak kuwe ibu calon bayine. Rujake kuwe angger rasane asin, manut kepercayan biasane arep lair bayi wadon, lan angger ora kasinen, jerene bakal lair bayi lanang.
Tata acara adicara mitoni dewiwiti kanthi ngumpulna bapak-bapak tangga teparo kira-kira jam 10.00. Sewise kabeh tamu kumpul lan kabeh ubarampe wis siap, diwiwiti kanthi donga lan tahlil sing depimpin neng kaum utawa kayim. Sarampunge donga manut tradisine dhewek-dhewek, tumpeng karo lawuh-lawuhe desandhingna. Tumpeng lan lawuh-lawuhe secukupe didhahar bareng-bareng. Sisane tumpeng lan kabeh lawuh dedum rata kabeh tamu sing melu ndongani, terus dewadhahi besek utawa kranjang cilik, nggo degawa tamu dadi brekat. Disuwun sewise rampung dhahar lan ngedum, tamune kon padha enggal-enggal kondur lan ora perlu pamitan. Tumindak mengkono kuwe duwe karep supaya bayi sing bakal lair, bisa cepet mbrojol.




PANGGIH MANTEN

Panggih kuwe tegese padha karo kepanggih utawa basa ngokone ketemu. Upacara panggih nang adicara  panggih minangka budaya tradhisional sing titi laksanane dilakoni sawise akad nikah. Adicara panggih kuwe duwe makna supaya penganten sakloron bisaa seneng nggoli nglakoni  umah-umah, begya, kairing donga pangestu sekang wong tuwa karo sanak kadange. Limrahe adicara panggih manten kuwe mapan nang daleme wong tuwane  penganten putri.

Sawise akad nikah kulawarga sekang penganten sakloron siyaga nglakoni adicara panggih. Penganten kakung manggon nang papan sing wis ditemtokna, dene penganten putri manggon neng njero kamare. Wong tuwane penganten putri wis siyaga nampa  rawuhe  penganten kakung karo rombongane.
Nang adat Jawa, adicara panggih penganten kuwe werna-werna carane. Nang tlatah Banyumas, lumrahe adicara panggih penganten kuwe urutane :
1.    Adicara Balangan Gantalan sedhah utawa ron suruh.          
Penganten saklorongentenan nggoli mbalangna godhong suruh (gantal)  sing wis dilinthing lan dijiret nganggo lawe putih. Adicara kuwe duwe mangsud muga-muga alangane penganten sakloron ngguli nglakoni umah-umah  ilang kenang balangan suruh kuwe.
2.    Adicara sebanjure yakuwe Ngidak Tigan. 
Adicara kuwe dilakoni nang penganten kakung, dene sing mijiki samparane penganten kakung yakuwe penganten putri. Adicara kuwe mralambangna pecahe nalar pambudine penganten sakloronsing maune esih duwe pemikiran kaya bocah cilik,  tumuju maring nalar pambudi wong sing wis diwasa.  Adicara mijiki samparane penganten kakung kuwe mralambangna angger garwa kuwe kudu bekti lan miturut maring kakunge, lan kosok baline.
3.    Adicara Sinduran.
Sindur kuwe wujude kaya slendang sing warnane abang lan putih. Nang adicara kuwe, Ibune penganten putri nyampirna sindur nang pundhake penganten sakloron, terus Bapake penganten putri nuntun tangane penganten sakloron dijak maring dhampar kencana. Adicara kuwe nduweni  mangsud supaya penganten sakloron ora gampang bubrah ngadhepi pacobaning urip.
4.    Adicara Bobot Timbang. 
Penganten sakloron lungguh dipangku nang Bapake penganten putri. Pas Ibune nyuwun priksa maring Bapake abot sing endi antarane penganten sakloron, Bapak maringi wangsulan nek padha abote. Adicara kuwe mralambangna wong tuwa kudu padha tresnane maring putrane dhewek lan maring putra mantune, ora kena mbedak-mbedakna.

5.    Adicara Ngunjuk Toya Wening.
Penganten sakloron ngombe banyu sing bening. Adicara kuwe duwe mangsud supaya penganten bisa ngrampungi perkara nganggo pikiran sing wening, sing akhire bisa nemu kabegjan lair tekan batine.
6.    Adicara Kacar Kucur.
Penganten kakung nyuntek dhuwit recehan karo beras kuning maring tangane penganten putri. Penganten putri nampani suntekan kuwe nganggo sindur sing ukurane lewih ciyut. Dhuwit karo beras kuwe terus diwadhahi nang kanthong, dijiret terus diaturna maring Ibune penganten putri. Adicara kuwe mralambangna nek kakung kuwe duwe kewajiban paring nafkah maring kulawargane, lan bisaa mbantu maring wong tuwane.
7.    Adicara Dulangan.
Nang adicara kiye penganten kakung ndulang penganten putri. Adicara kiye mralambangna rasa tresna asih antarane penganten sakloron.
8.    Adicara Sungkeman. 
Bapak lan Ibune penganten lenggah nang kursi sing wis dicepakna, terus penganten ndhodhok nang ngarepe wong tuane  terus sungkem, gentenan. Sing sepisan sungkem maring Bapak Ibune penganten putri, diterusna sungkem maring Bapak Ibune penganten kakung. Adicara kiye duwe mangsud supaya penganten sakloron ngetokna darma bektine maring wong tuwa, karo nyuwun donga pangestu sekang wong tua.



No comments:

Post a Comment