Tuesday, November 19, 2019

LEGENDA

LEGENDA

Legenda yakuwe mujudna salah sijine crita rakyat sing dianggep  kelakon temenan, sing critane digathuk-gathukna karo tokoh sejarah, dibumboni karo kasektenene tokoh mau.Crita legenda sumbere sekang masyarakat sing dicritakna mawa lesan sekang wong siji marang sijine turun temurun maring anak putu. Bebasane crita legenda kuwe wis mbalung sungsum mligine neng masyarakat Banyumas sumrambah neng saben wong neng Tanah Jawa, malah saben panggonan neng Indonesia duwe crita dhewek-dhewek.

Werna-wernane legenda, yakuwe :
1. Legenda Keagamaan 
    Neng legendha keagamaan umume dicritakna lelakone para Wali sing nyebarna agama Islam, kaya      dene  Sunan Kalijaga, Sunan Bonang, lan Sekh Siti Jenar neng Tanah Jawa. Nek neng Bali ana            lelakon tokoh Ratu Calon Arang.

2. Legenda Kegaiban 
    Legenda kegaiban umume nyritakna bab kepercayaane rakyat maring alam gaib, kayadene Kraton     Gaib neng tanah Jawa Tengah, Kraton Gaib Pajajaran neng Jawa Barat, lan Si Manis Jembatan            Ancol neng Jakarta.

3. Legenda Pawongan
    Legenda pawongan nyritakna sawijining tokoh sing dianggep ana lan kelakon temenan, kayadene        Lutung Kesarung sekang Banyumas, Rara Mendut sekang Yogyakarta, Jaka tingkir sekang Jawa          Tengah, Suramenggala sekang Jawa Timur, lan Jayaprana Layonsari sekang Bali.

4. Legenda Lokal
    Legenda lokal kuwe legenda kang ana gandeng cenenge karo jeneng kedadeyan sawijining papan        panggonan kaya gunung, pegunungan, danau, lan liya-liyane.
    Tuladhane legenda dumadine Candi Prambanan utawa Roro Jonggrang sekang Yogyakarta lan            Jawa Tengah, Ajisaka sekang Jawa Tengah, Desa Trunyan sekang Bali, Sangkuriang lan Gunung        Tangkuban Perahu sekang Jawa Barat, dumadine Danau Toba, lan sapiturute.
    
    

No comments:

Post a Comment