Monday, November 18, 2019

ANTOLOGI GEGURITAN


Manungkul Marang Gusti

Jaman edan
Akeh wong sing padha ngedan
Sing cilik ngedan
Sing gedhe ngedan
Sing tuwa uga ngedan
Jarene...nek ora ngedan ora keduman
Apa enggane aku kudu melu ngedan
Edan...edan...ngedan

Ora....
Inyong ora kena melu edan
Inyong kudu tetep eling lan waspada
Manungkul marang Gusti Kang Maha Kuwasa
Netepi titahing Gusti
Dadi manungsa sejati
Manungsa kang binudi
Dadi rahmat ing saindhenging bumi




1.   Lasmi miati 22 januari 2018


Taman Victoria

Rong tahun kepungkur
Inyong mung maca crita
Ramene taman Victoria
Taman sing dadi idholane TKI Indonesia
Taman kang dadi papan kumpule para wanita
Kang padha nyleweng sekang kodrating manungsa

Siki ora mung krungu crita
Kaya sing decritakna neng taman Victoria
Taman kang panggonane adoh
Ing Hongkong kana
Siki uga kedadeyan ing indonesia
LGBT...nyalahi kodrating manungsa
Manungsa kang mbelani nafsu angkara
Tumindak laku nistha

Taman Victoria dununge ngaluk-aluk ing kana
Sanadyan bera tumindak nistha
Singkirna sekang  donya Indonesia
Indonesia tetep jaya
Yuwana para taruna
Negara tata tentrem kerta raharja


2.   Lasmi Miati 23 Januari 2018

Cuwaning Nala Pepes Ing Batin

Lamat-lamat kapiyarsa tembange kinjeng tangis
Aneng tengah wana sing adoh saka pomahan
Mratandhani sedhilut maning tekaning wayah wengi
Nyong nyawang adoh tekan njaba gili ana sing dakantu-antu tekane
Tekane anak lanang sing lagi dolan
Kang njalari ati sumelang

Malem Rebo kuwe titi wancine kang dadi cuwaning nala
Uga tangising batin
Nanging...nyong mung bisa pasrah
Ginawe iklas marang Gusti Kang Maha Mirah
Keprimen bae kuwi wis tinakdir
Ora bisa selak ora bisa nolak
Nalika takdir wis tinulis
Ora ana sing bisa uwal
Sekang kersaning Gusti Kang Murwat Jagad



3.   Lasmi Miati, 26 Januari 2018




Gegayuhane Biyung
4.   (Lasmi Miati)

Anaku ....
Tekandhut sangang sasi
Tekgulawenthah wiwit procot tumakane gedhe
Tekkudang...tekgadhang-gadhang
Dadia bocah kang sholeh sholehah

Anaku ....
Tekwulang nganggo ngelmu agama
Ben dadi bocah sing bener tur pener
Weruh barang halal lan haram
Nglakoni kabecikan
Nyingkiri tumindak nistha

Anaku ....
Dadia bocah sing prasaja
Ora ngetung duwe bandha pira
Ora mikir mijil sekang sapa
Ora nggagas klambine kaya apa
Kabeh tumindake apa anane
Manut karo kaanane

Anaku ....
Kuwe kabeh sing tekkarepna
Tumungkul marang gusti Kang Maha Kuwasa

Baiti Jannati

Pelangi kehidupan tampak indah
Bila berhiaskan cahaya keikhlasan
Rumah megah nan kokoh
Akan terasa nyaman bagi penghuninya
Bila dikelilingi oleh hirup pikuk keikhlasan

Genteng....
Meskipun setiap hari tertempa panas matahari
Kadang tertimpa hujan lebat
Tertiup hempasan angin
Dia...tetap ikhlas menaungi rumah nan megah
Sehingga rumah tetap terasa sejuk....
Bagi penghuni-penghuninya

Tembok nan kokoh tetap ikhlas
Meski ditempa paku berkali-kali
Dihujam palu bertubi-tubi
Tuk memajang hiasan dinding nan indah
Sehingga rumah semakin indah dipandang
Menghadirkan semarak rona kehidupan
Bagi penghuninya

Wc ....
Dia begitu ikhlas
Meski setiap hari dihujani kotoran
Sehingga penghuninya merasa lega
Tinggal di dalamnya

Kehidupan yang diliputi keikhlasan
Kehidupan yang penuh Berkah dan Rahmat Allah
Rumah yang dikelilingi oleh kebun keikhlasan
Adalah ‘Baiti Jannati’ bagi penghuni-penghuninya



5.   Lasmi Miati, 27 Januari 2018
















Kabur Kanginan Saparan-paran

Godhong garing ... kumleyang ....
Ora duwe daya
Suket teki ndhelik, ndhepis
Aling-alingan pager wesi

Dhedhemitan klayaban
Nggoleti kanca dolan bebarengan
Iblis ndhepis-ndhepis
Nggoleti dalan kemaksiatan

Apa enggane godhong bakal tetep garing
Suket tetep ndhelik
Iblis, dhedhemitan klayaban ora karuan

Thole ... dhenok ....
Age-age dho gumregah tangi ....
Cancut tali wanda aja padha keri
Mbeneri budi pakarti kang wis suwe mati
Kabur kanginan saparan-paran
Kendhang ...klelep ... ing segara wetan
Klebus ... kodanan ... neng tlatah kulon

Besuk ....
Titiwancine ....
Langit bakal padhang jingglang
Kawuran sotya pelangi wahyu Ilahi


6.   Lasmi Miati, 8 Februari 2018



Bumiku Nuswantara

Bumiku subur
Bumiku makmur
Gemah ripah loh jinawi
Iku sesanti jaman old uga now

Delengen ....
Sawangen ....
Sekang pojok wetan tumekaning pojok kulon
Sekang pojok lor tumeka pojok kidul
Bumiku katon ijo royo-royo
Ngegla ... padhang ... wera....
Tumata kanthi becik ... apik
Papan panggonan plesiran
Ing bumiku nuswantara

Delengen ....
Sawangen ....
Gatekna ....
Sapa bae sing bisa nyecep
Asin ... legi ... pait ....
Bumi nuswantara iki
Aku ... kowe ... kita ...apa wong liya
Sekang mancanegara

Ooooo ....
Bumiku nuswantara
Siki wis wiwit dadi weke wong liya
Apa aku lan kowe kudu tetep meneng
Karo ati sekreneng
Api-api ora weruh
Api-api ora krungu
Api-api bungah
Sanajan ati susah

Ooooo ....
Generasi jaman now
Gumregaha ....
Tangia ....
Aja ngasi deduweki wong liya
Sanadyan kanthi toh-tohan nyawa


7.   Lasmi Miati, 9 April 2018




Calung Banyumas

Thing thung thing brung
Swara calung Banyumasan
Resep derungokna
Lenggak-lenggok penarine

Calung Banyumasan
Sing digawe sekang epring
Ditata manut irama
Cacahe deling-eling lan detung
Detabuh adhedhasar lagu
Lagu dhangdhut
Lagu pop, lagu rege, lagu kroncong lan kasidahan

Calung Banyumasan
Gawe regeng swasana
Gawe bombong manahira
Ati sumpeg ... ati ruwet .... dadi padhang
Ilang was sumelang


8.   Lasmi Miati, 9 April 2018




Baturaden (10)

Baturaden ....
Adhem ... seger ... hawane
Bawera ... jembar papane
Endah sesawangane
Asri lingkungane
Grapyak semanak masyarakate
Resep sedhep pasugatane

Baturaden ....
Kawentar saindhenging nuswantara
Idholane kawula mudha
Turis dhomestik
Uga mancanegara

Baturaden ....
Adhem banyune
Adhem hawane
Adhem sesawangane
Adhem pikirane
Adhem atine

Baturaden ....
Bisa gawe bungah
Wong-wong sing lagi nandhang susah
Nandhang susah ... bisa bungah
Gagat Raina

Bang wetan mbranang padhang
Ngawe-awe ngejak kanca sekukuban
Tumapaking surya ngintip sekang jendhela
Durung marem yen lakune isih dhewekan
Golet kanca kanggo haleledhang

Binarung bang wetan
Jago kluruk saut-sautan
Pratandha mbabar raina

Bang wetan gagat raina
Miwiti panyebaring rejeki
Siji-siji dibiji manut ajining dhiri
Dipilah-pilah manut pangrengkuhing pribadi
Ana sing sekepel ana sing segendhongan
Kabeh wis tinakdir dening Kang Maha Mirah
Kabeh mung bisa atur panarimah


11. Lasmi Miati, 10 april 2018





55 TAHUN

Seket lima tahun kepungkur
Keprungu swara jabang bayi
Cenger ... cenger ....
Ana ing omah sapinggiring sawah
Swasana kang sepi ... asri ....
Nambahi jenjeming ati
Bapa lan biyunge si jabang bayi

Binarung swarane jabang bayi
Jangkrik ngikrik
Kodhok ngoret
Nambahi endahing swasana
Wengi kang sepi
Candra ... kartika ....
Sumunar madhangi jagad raya
Padha karo padhanging manah
Manahe wong loro kang nembe nampa bebungah
Sekang Gusti Kang Maha Mirah

Iba senenge wektu iki
Rinasa ing teelenging ati
Ijabah lan nugraha sekang Gusti

Yayi mung bisa ngunjukna donga-donga
Amung iku kang bisa dakaturna
Nadyan wis sawetara suwe
Anggone urip bebrayan
Tandha tresna asihku lan sliramu
Ora tahu luntur kasaput mega
Tumekaning titi wanci iki


12. Lasmi miati, 30 Januari 2018




Udan Ing Sasi Juli (13)

Ora ana sing dakantu-antu
Kejaba tekamu
Udan ing wulan Juli
Sing wis suwe diumpetna
Titik-titik embune
Kanggo tetuwuhan

Ora ana sing luwih daktresnani
Kejaba tekane udan ing  sasi Juli
Kanggo ngapus tapak-tapak sukune
Kang tumempel ing jubine

Ora ana sing luwih wicaksana
Sekang udan ing wulan Juli
Kang bisa gawe sumringahing ati
Uga telesing jiwa raga iki

Sing padha bingung ing dalane Gusti
Ora ana sing lewih arif
Kejaba pitutur sakang tekane udan ing sasi Juli

Meneng...tanpa calathu
Tetuwuhan lan kekembangan
Kanthi oyode
Ngisep banyu ing sasi Juli
Wasitaning Gusti (14)

Gempa, tsunami neng ngendi-endi
Apa kuwe pratandha
Menawa Gusti kang Murbeng jagat  duka
Duka amarga ulahing manungsa
Kang tumindak nurut bujuking hawa

Jaman akhir
Tumindaking manungsa kaya kewan
Kamangka...manungsa diparingi akal pikiran
Kanggo nimbang sakabehing saran
Supaya tumindake ora nyimpang sekang tatanan

Nalika wasitaning Gusti wis tumurun
Kuwe pratandha Gusti Kang Murbeng dumadi
Tresna asih marang sakabehing para abdi
Para abdi mung kari golet teliking sandi
Banjur kapilah-pilah kapilih sing katitik
Dening Gusti kang Murbeng Dumadi




Lasmi Miati, 21 Desember 2018


DEDONGA KANGGO SIMAK(15)

Mak....
Aku kokkandhut sangang sasi setegah
Sampeyan asta menyang ngendi bae
Ora tau krasa abot
Ora tau nggresula
Apa maning sambat
Marang wong liya

Mak...
Sampeyan wanita kang prasaja
Ora pirsa apa kuwe sing arane mas lan perak
Apa maning nyandhang lan urip kepenak
Sing aneng penggalihe
Mung anak bisa mangan lan nyandhang
Sarta golet padhanging dunya
Supaya mbesuk bisa urip mulya

Mak....
Anane aku siki
Kuwe kabeh merga lara lapane sampeyan
Pengorbanane sampeyan
Nanging...manut panemumu iku kabeh kuwajiban
Ora mikir oleh apa mbesuke
Sing dipikir mung nggulawenthah anak kanthi ikhlas, lillah

Mak...
Pangapuraku bae sing akeh
Nganti tumekaning seda durung bisa nggawe mulya
Siki mung bisa ngunjukna donga-donga marang Kang Maha Kuwasa
Amrih sampeyan tentrem ing swarga loka



Lasmi Miati, 22 Desember 2018


















No comments:

Post a Comment