Wednesday, November 20, 2019

UPACARA ADAT


Teks deskriptif yakuwe karangan sing isine nggambarake sawijining objek ( bisa panggonanutawa wewujudan liyane) kanthi jelas sapa sing maca paragraf  kiye kaya- kaya ngerti dhewe objek sing digambarake ana ing sajroning paragraf.
Upacara adat yakuwe sawijine ritual sing dilakoni kanthi bareng-bareng nang kelompok masyarakat. Esih duwe sesambungan etnis, suku utawane kabudayan.Bab kuwe dienggo nggolet tujuan sing sumbere sekang nilai-nilai leluhur lan nenek moyange
Nang tlatah banyumas khususe ana tradisi-tradisi sing kulina dilakoni upamane ana ana acara kenduren / slametan, ruwatan, tradisi nikahan, begalan, mitoni/tingkeban lan liya-liyane.
 Contoh teks deskriptif upacara adat
 BEGALAN


Begalan kuwe pacakan seni tutur tradisi sing diramu seni tari, pigunane nggo srana nyumponi urut-urutan upacara Pengantenan. Di gelar sejrone acara tekane rombongan penganten lanang mlebu maring plataran (latar) penganten wadon. Uba rampene wujud alat-alat dhapur sing diarani "Brenong Kepang". Kuwe jan-jane salah sijine gawan penganten lanang, go nyumponi syarat adat mBanyumas sing tegese (makna simbolis)gathuk karo falsafah Jawa khususe wewengkon mBanyumas. Contone: ilir, iyan, cething, kusan, kalo (saringan ampas), tampah (nyiru), sorokan, centhong, siwur, irus, kendhil karo wangkring lan wlira. Egin ditambah maning karo ubarampe sajen, yakuwe pala pendhem, pala gantung, pala kesimpar, kembang pitung rupa/werna, beras kuning, sewernane gegodhongan,gedhang raja lan gedhang emas, endhog ayam,lan liya-liyane egin akeh maning. Sandhangane wong sing kedhapuk upacara begalan kiye kudu nganggo klambi kampret srawa ireng, bebed lancingan bathik Banyumasan,ikete wulung jeblagan, lan sikile kudu nyeker ora kena nganggo trumpah.
Upacara Begalan kiye isine pitutur nggo penganten sakloron gole arep mbangun somah. Sejrone catur-gunem upacara, kuwe diwedharaken pitutur becik nggo penganten lan tamu sing pada teka ngrubung, kadhang-kadhang dibumboni glewehan-glewehan kepriwe carane wong urip omah-omah lanang-wadon. Pagelaran seni kiye diiring gendhing Jawa Banyumasan [Ricik-ricik, crebonan, gunung sari, gudril lan eling-eling ].
Maksud lan prelambang dibegal: "sing dibegal, kuwe dudu dunyane, tapi Bajang Sawane kaki penganten lan nini penganten".
Upacara kiye di wakilaken tukang njoged sing wis biasa (dhukun begalan), gunggunge ana wong loro; sing siji dadi wakile penganten wadon gawane "Wlira" ruyung jambe (sigaran wit jambe), dene wakil penganten/besan lanang nggawa "Brenong Kepang" kuwe isen-isene prabot dapur.
Biasane bar gelaran, "Brenong kepang" (alat dapur) sing digawa kuwe dibalangaken kanggo rebutan/rayahan penonton.
Adat Begalan mujudna salah sijine adat tradhisi sing anane mung nang Kabupaten Banyumas. Adat kiye diwarisna turun temurun. Begalan kiye dadi adicara adat sing ditindakna sadurunge adat panggih manten.Tradhisi begalan kiye dianakna nek sing krama kuwe putra mbarep karo putra mbarep, putra ragil karo putra ragil, putra mbarep karo putra ragil, lan nek sing krama putra mbarep wadon.
Begalan asale sekang tembung begal. Nang basa Jawa Banyumas tembung begal kuwe tegese padha karo tembung rampog. Mula begalan bisa uga duwe mangsud mbegal utawa ngrampog nang tengah dalan. Miturut critane, adat begalan kuwe dimolai sekang crita jamane Adipati Wirasaba. Nalika semana Adipati Wirasaba arep palakrama karo putrine Adipati Banyumas. Adipati Wirasaba karo rombongane arep tindak maring Kadipaten Banyumas lan ngasta kabeh pirantine sing nggo pengantenan. Nang tengah dalan, rombongan Adipati Wirasaba dibegal. Perang tandhing ora bisa diendhani, ningen rombongane Adipati Wirasaba menang lan para begale kalah njur padha colong playu. Panggonan utawa desa sing diliwati  sing bisa dadi seksi anane sejarah begalan, kaya ta desa Sokawera, Pegalongan lan Cindaga.
Adat begalan nang masyarakat Banyumas seliyane nggo nguri-uri adat tradhisi leluhur, nang saperangan masyarakat Banyumas uga percaya nek adat kiye bisa ngruwat penganten sakloron. Adat Begalan diparagakna nang wong loro, yakuwe paraga Gunareka karo Rekaguna. Gunareka duwe ayahan nggawa kanthi cara mikul piranti sing nggo masak sing arep dijujugna maring panggonane penganten putri. Gunareka teka maring panggonane pengaten putri bareng karo rombongane penganten kakung. Piranti dapur kiye diprecaya duwe makna utawa pesen nggo penganten, lan nggo masyarakat. Dene Rekaguna maragakna dadi beagle.
Pesen utawa simbol sekang piranti begalan diwedharna nang paraga Gunareka karo Rekaguna  sedurunge kedadeyan mbegal nang sengarepe penganten sekloron lan masyarakat sing padha ndeleng.
Gunareka nggone nggawa  piranti kanthi cara dipikul nganggo brenong kepang. Piranti-piranti kuwe kayata cething, centhong, irus, siwur, kusan, saringan lan wangkring. Piranti-piranti sing dipikul Gunareka jere ana maknane, yakuwe :
1.   Cething yakuwe piranti sing nggo wadhah sega sing digawe sekang pring. Cething kiye duwe simbol nek manungsa urip nang bebrayan ora bisa urip dhewek tanpa pambiyantu sekang wong liya. Mula kudu bisa srawung kanthi becik karo wong liya lan lingkungan.
2.  Centhong yakuwe piranti sing nggo nyidhuk sega sing digawe sekang bathok klapa. Centhong duwe makna nek wong wis umah-umah kudu bisa ndeleng lupute awake dhewek (introspeksi), supaya pas ana perkara bisa ngrampungi nganggo cara sing apik, ora padudon.
3.   Irus yakuwe piranti sing digawe sekang bathok klapa, gagange sekang pring sing gunane nggo nyidhuk jangan. Irus duwe makna wong sing wis umah-umah kudu setya maring garwane ora kena kegodha maring wong liya.
4.     Siwur yakuwe piranti sing digawe sekang bathok klapa wutuh, digarani nganggo pring sing gunane nggo nyidhuk banyu sekang wadhah banyu (jembangan). Siwur dadi simbol nek rasa tresna wong sing wis umah-umah kudu mligi nggo garwane, aja nganti tresnane nggo wong liya.
5.    Kusan digawe sekang anyaman pring sing wujude ngrucut kaya gunung, duwe makna nek wong sing wis umah-umah kudune gelem sengkud anggone nyambut gawe nggo nyukupi kebutuhan kulawarga.
6.   Ilir yakuwe kipas sing digawe sekang anyaman pring, biasane wujude pesagi papat. Ilir duwe makna nek wong sing wis umah-umah kudune bisa mbedakna laku sing ala lan becik. Sing ala mesthine disingkiri, lan sing becik kudune dilakoni.
7.     Iyan yakuwe piranti sing digawe sekang anyaman pring sing gunane nggo wadhah sega sing nembe dientas banjur dikipasi nganggo ilir. Ian dadi simbol nek panggonane nang bumi, mula padha bisaa njaga bumi lan isine.
8.    Saringan pring, duwe makna nek manungsa kudu bisa nyaring kabar sing apik lan ala. Ora kabeh kabar kuwe bisa diprecaya, apa maning dienggo, mulane  aja gampang kenang godhaning kabar.
9.    Wangkring digawe sekang pring sing gunane nggo mikul, mralambangna nek wong sing wis umah-umah bisa mikul tanggung jawab minangka kakung lan garwa, uga bisa mikul tanggung jawab minangka masyarakat lan umate Gusti Allah.

Slametan Wong Meteng

Mitoni/Tingkeban
Upacara mitoni uga darani tingkeban asale sekang tembung pitu, mula darani upacara mitoni, yakuwe upacara slametan sing danakna pas umur wetengan wong meteng wis tekan pitung wulan, lan ngepasi meteng pisanan. Mitoni utawa slametan pitung wulanan, delakoni sewise wetengane si ibu genep umur 7 wulan utawa lewih. Anggone nganakna ora kena kurang saka 7 wulan, senajan mung sedina. Ora nana weton utawa dina pasaran sing nggo pathokan anggone nindakna, biasane nganggo dina Selasa utawa Setu. Tujuane slametan mitoni kuwe supaya ibu karo calon bayine tansah deparingi wilujeng, sentosa, lan slamet.
Ubarampe sing perlu disediyakna pas arep nganakna slametan yakuwe:
1.       Klubanan mateng, yakuwe sayuran werna pitu, kudu ana kangkung lan kacang dawa, aja ditugeli, dijor dawa-dawa, kabeh sayuran degodhog, terus diurab karo bumbu kluban;
2.      Sega Asin, yakuwe sega sing decampur karo bumbu pelas lan welut terus didang;
3.      Jajan pasar, yakuwe panganan jajanan pasar werna 7 jinis;
4.      Rujak, yakuwe rujak sing digawe sekang buah werna 7, dibumboni pedhes;
5.      Ampyang wis degoreng;
6.      Sewernane pala, yakuwe pala kependhem (kacang wiji, budin, tales), pala gemantung (waluh), pala rambat (munthul, uwi, gembili), kabeh digodhog;
7.      Ketan lan wajik;
8.      Endhog;
9.      Pisang raja. Manut tradisi Jawa sing nggawe bumbu rujak kuwe ibu calon bayine. Rujake kuwe angger rasane asin, manut kepercayan biasane arep lair bayi wadon, lan angger ora kasinen, jerene bakal lair bayi lanang.
Tata acara adicara mitoni dewiwiti kanthi ngumpulna bapak-bapak tangga teparo kira-kira jam 10.00. Sewise kabeh tamu kumpul lan kabeh ubarampe wis siap, diwiwiti kanthi donga lan tahlil sing depimpin neng kaum utawa kayim. Sarampunge donga manut tradisine dhewek-dhewek, tumpeng karo lawuh-lawuhe desandhingna. Tumpeng lan lawuh-lawuhe secukupe didhahar bareng-bareng. Sisane tumpeng lan kabeh lawuh dedum rata kabeh tamu sing melu ndongani, terus dewadhahi besek utawa kranjang cilik, nggo degawa tamu dadi brekat. Disuwun sewise rampung dhahar lan ngedum, tamune kon padha enggal-enggal kondur lan ora perlu pamitan. Tumindak mengkono kuwe duwe karep supaya bayi sing bakal lair, bisa cepet mbrojol.




PANGGIH MANTEN

Panggih kuwe tegese padha karo kepanggih utawa basa ngokone ketemu. Upacara panggih nang adicara  panggih minangka budaya tradhisional sing titi laksanane dilakoni sawise akad nikah. Adicara panggih kuwe duwe makna supaya penganten sakloron bisaa seneng nggoli nglakoni  umah-umah, begya, kairing donga pangestu sekang wong tuwa karo sanak kadange. Limrahe adicara panggih manten kuwe mapan nang daleme wong tuwane  penganten putri.

Sawise akad nikah kulawarga sekang penganten sakloron siyaga nglakoni adicara panggih. Penganten kakung manggon nang papan sing wis ditemtokna, dene penganten putri manggon neng njero kamare. Wong tuwane penganten putri wis siyaga nampa  rawuhe  penganten kakung karo rombongane.
Nang adat Jawa, adicara panggih penganten kuwe werna-werna carane. Nang tlatah Banyumas, lumrahe adicara panggih penganten kuwe urutane :
1.    Adicara Balangan Gantalan sedhah utawa ron suruh.          
Penganten saklorongentenan nggoli mbalangna godhong suruh (gantal)  sing wis dilinthing lan dijiret nganggo lawe putih. Adicara kuwe duwe mangsud muga-muga alangane penganten sakloron ngguli nglakoni umah-umah  ilang kenang balangan suruh kuwe.
2.    Adicara sebanjure yakuwe Ngidak Tigan. 
Adicara kuwe dilakoni nang penganten kakung, dene sing mijiki samparane penganten kakung yakuwe penganten putri. Adicara kuwe mralambangna pecahe nalar pambudine penganten sakloronsing maune esih duwe pemikiran kaya bocah cilik,  tumuju maring nalar pambudi wong sing wis diwasa.  Adicara mijiki samparane penganten kakung kuwe mralambangna angger garwa kuwe kudu bekti lan miturut maring kakunge, lan kosok baline.
3.    Adicara Sinduran.
Sindur kuwe wujude kaya slendang sing warnane abang lan putih. Nang adicara kuwe, Ibune penganten putri nyampirna sindur nang pundhake penganten sakloron, terus Bapake penganten putri nuntun tangane penganten sakloron dijak maring dhampar kencana. Adicara kuwe nduweni  mangsud supaya penganten sakloron ora gampang bubrah ngadhepi pacobaning urip.
4.    Adicara Bobot Timbang. 
Penganten sakloron lungguh dipangku nang Bapake penganten putri. Pas Ibune nyuwun priksa maring Bapake abot sing endi antarane penganten sakloron, Bapak maringi wangsulan nek padha abote. Adicara kuwe mralambangna wong tuwa kudu padha tresnane maring putrane dhewek lan maring putra mantune, ora kena mbedak-mbedakna.

5.    Adicara Ngunjuk Toya Wening.
Penganten sakloron ngombe banyu sing bening. Adicara kuwe duwe mangsud supaya penganten bisa ngrampungi perkara nganggo pikiran sing wening, sing akhire bisa nemu kabegjan lair tekan batine.
6.    Adicara Kacar Kucur.
Penganten kakung nyuntek dhuwit recehan karo beras kuning maring tangane penganten putri. Penganten putri nampani suntekan kuwe nganggo sindur sing ukurane lewih ciyut. Dhuwit karo beras kuwe terus diwadhahi nang kanthong, dijiret terus diaturna maring Ibune penganten putri. Adicara kuwe mralambangna nek kakung kuwe duwe kewajiban paring nafkah maring kulawargane, lan bisaa mbantu maring wong tuwane.
7.    Adicara Dulangan.
Nang adicara kiye penganten kakung ndulang penganten putri. Adicara kiye mralambangna rasa tresna asih antarane penganten sakloron.
8.    Adicara Sungkeman. 
Bapak lan Ibune penganten lenggah nang kursi sing wis dicepakna, terus penganten ndhodhok nang ngarepe wong tuane  terus sungkem, gentenan. Sing sepisan sungkem maring Bapak Ibune penganten putri, diterusna sungkem maring Bapak Ibune penganten kakung. Adicara kiye duwe mangsud supaya penganten sakloron ngetokna darma bektine maring wong tuwa, karo nyuwun donga pangestu sekang wong tua.



SANEPA

SANEPA

Sanepa kuwe ungkapan sebangsa pepindan (perumpamaan) sing nduweni makna mbangetake/menyngatkan (superlatif), nanging nganggo tembung/kata sing duwe makna kebalikane.
Tuladhane :
1. Utange arang wulu kucing tegese tegese utange akeh banget
2. Playune lonjong botor tegese playune banter banget
3. Awake kuru semangka tegese awake lemu banget
4. Pikirane landhep dhengkul tegese pikirane kethul/bodho banget
4. Kawruhe/ilmune jero tapak meri tegese kawruhe cethek banget
5. Raine abang dluwang tegese pucet banget
6. Ambune arum jamban tegese banget/bacin banget
7. Jamune legi bratawali tegese pait banget
8. Eseme pait madu tegese manis banget
9. Ulate/raine bening leri tegese buthek banget (lagi jengkel)
10. Bobote abot kapuk tegese entheng banget
11. Dedege dhuwur kencur tegese cendhek banget
12. Rembuge peret beton tegese lunyu banget/mencla-mencle 
13. Lungguhe anteng kitiran tegese goreh banget
14. Anggone memitran/kekancan renggang gula dipyuri pulut tegese raket banget
15. Tatune arang kranjang tegese kerep bangt/kebek seawak
16. Awake lemu biting tegese gering banget
17. Guyonane sepi pasar tegese rame banget
18. Klambine wuled godhong lumbu tegese amoh banget

Tuesday, November 19, 2019

LEGENDA

LEGENDA

Legenda yakuwe mujudna salah sijine crita rakyat sing dianggep  kelakon temenan, sing critane digathuk-gathukna karo tokoh sejarah, dibumboni karo kasektenene tokoh mau.Crita legenda sumbere sekang masyarakat sing dicritakna mawa lesan sekang wong siji marang sijine turun temurun maring anak putu. Bebasane crita legenda kuwe wis mbalung sungsum mligine neng masyarakat Banyumas sumrambah neng saben wong neng Tanah Jawa, malah saben panggonan neng Indonesia duwe crita dhewek-dhewek.

Werna-wernane legenda, yakuwe :
1. Legenda Keagamaan 
    Neng legendha keagamaan umume dicritakna lelakone para Wali sing nyebarna agama Islam, kaya      dene  Sunan Kalijaga, Sunan Bonang, lan Sekh Siti Jenar neng Tanah Jawa. Nek neng Bali ana            lelakon tokoh Ratu Calon Arang.

2. Legenda Kegaiban 
    Legenda kegaiban umume nyritakna bab kepercayaane rakyat maring alam gaib, kayadene Kraton     Gaib neng tanah Jawa Tengah, Kraton Gaib Pajajaran neng Jawa Barat, lan Si Manis Jembatan            Ancol neng Jakarta.

3. Legenda Pawongan
    Legenda pawongan nyritakna sawijining tokoh sing dianggep ana lan kelakon temenan, kayadene        Lutung Kesarung sekang Banyumas, Rara Mendut sekang Yogyakarta, Jaka tingkir sekang Jawa          Tengah, Suramenggala sekang Jawa Timur, lan Jayaprana Layonsari sekang Bali.

4. Legenda Lokal
    Legenda lokal kuwe legenda kang ana gandeng cenenge karo jeneng kedadeyan sawijining papan        panggonan kaya gunung, pegunungan, danau, lan liya-liyane.
    Tuladhane legenda dumadine Candi Prambanan utawa Roro Jonggrang sekang Yogyakarta lan            Jawa Tengah, Ajisaka sekang Jawa Tengah, Desa Trunyan sekang Bali, Sangkuriang lan Gunung        Tangkuban Perahu sekang Jawa Barat, dumadine Danau Toba, lan sapiturute.
    
    

PURWAKANTHI

PURWAKANTHI

Purwakanthi kuwe memper tegese karo sajak utawa rima
Purwakanthi kaperang dadi 3 jenis, yakuwe :
1. Purwakanthi guru swara
    Sing runtut/dominan padha swarane (vokal)
    Tuladhane : yitna yuwana lena kena
                        gajah nhuntal sangkrah   

2. Purwakanthi guru sastra
    Sing runtut/dominan padha konsonane utawa aksara mati
    Tuladhane : bunga susah kudu pasrah
                        tata titi tentrem
3. Purwakanthi guru basa/lumaksita
    Sing runtut/dominan padha tembung-tembunge/ tembunge dibolan baleni
    Tuladhane : Urip kiye ora angel, angele sok digawe dhewek
                        Ngelmu kuwe luwih pengaji, ajine tanpa tamdhing

Monday, November 18, 2019

UNGGAH-UNGGUH BASA

UNGGAH-UNGGUH BASA

Kaperang dadi 4
1. Ragam Basa Ngoko lugu
    Tembung-tembunge ngoko kabeh
    Gunane : kanggo caturane/omong-omongane bocah karo bocah utawa wong sing sebaya umure
    Tulanga : Tuti : "Ti, kowe tuku buku neng ndi?"
                    Siti   : "Neng toko buku Kebondalem lor prapatan Srimaya."

2. Ragam Basa Ngoko alus
    Tembung-tembunge ngoko kecampuran tembung alus kanggo wong sing diajeni
    Gunane : kanggo caturane/ omong-omongane wong tuwa sing sebaya, garwa putri maring garwa         kakung, utawa wong-wong sing wis akrab nanging isih padha-padha ngajeni
    Tuladha  : Bapak : "Bu arep tindak ngendi, deneng ayu temen?"
                     Ibu      :  "Bopak kuwe senenge ngalem, arep arisan Pak. kae nek arep dhahar wis ibu 
                                     siapna neng meja."

3. Ragam Basa Krama Lugu
    Tembung-tembunge krama kabeh
    Gunane : kanggo caturane/omong-omongane wong sing nembe kenal, durung akrab
    Tuladha : Surti : "Sampeyan saking SMP pundi mbak?"
                     Tuti : "Kula saking SMP 1 Kedungbanteng. lha sampeyan saking SMP pundi?"

4. Ragam Basa Krama Alus
    Tembung-tembunge krama kecampuran tembung alus
    Gunane : kanggo caturane/omong-omongane wong sing luwih nom marang wong sing luwih tuwa      sing kudu diormati.
    Tuladha : Susi          : "Bu panjenengan ngenjang dinten Setu tindak sekolahan napa boten?"
                    Bu Lasmi : "Insyaallah nok, ana apa kok takon-takon?"

AKSARA REKAN

AKSARA REKAN   

1. Aksara rekan yakuwe aksara Jawa sing direka-reka supaya bisa kanggo nulis tembung-
tembung sekang basa manca (dudu tembung Jawa) sing perlu dicethakna.
2. Wujude aksara Rekan yakuwe :
k+                               :           Kha                           
p+                                :           Fa  / Va                      
g+                                :           Gha                
f+                               :           Dza                 
j+                               :           Za
2.    Aksara rekan kang bisa dadi pasangan yakuwe aksara fa ( P+ )  menawa ora cukup panggonane, aksara mati kudu dipangku, pasangan  P+ malih dadi dadi p+
3. Tuladha tembung-tembung kang panulisane nganggo aksara rekan  :                       

1)  ausN|[lK+otimh                        :           husnul khotimah
2)  ffi[ko+tib\                        :           dadi khotib     
3)   almP+ n                               :           alam fana
4)  p+ ki/misKin\                             :           fakir miskin
5)   [zlM|g+Ib\                           :           ngelmu ghaib
6) AbF|l¿g+ p+u/                             :           Abdul  Ghafur
7)   f+t\AlLh                              :           dzat Allah
8)  k(zuA f+n\                           :           krungu adzan

AKSARA JAWA SWARA



PENGEMBANGAN BAHAN AJAR

CAKUPAN MATERI
Aksara Swara
1.      Aksara swara cacahe ana 5 (lima), wujude yaiku :
A :  A        tuladhane            A[mrik                                   Amerika
I:       I         tuladhane            IsLm\                                           Islam
U :     U          tuladhane            UsMn\                                         Usman            
E :     E          tuladhane            E[roph                        Eropah
O :     O          tuladhane            Omn\                                            Oman
2.      Kawruh  aksara Swara :
a.          Aksara Swara Cacahe ana 5
b.        Aksara swara gunane kanggo nulis tetembungan saka mancanegara/ luar negeri (khususe/mligine basa Inggris lan Basa Jawa)
c.         Aksara swara ora bisa dadi pasangan


3.      Tuladha Aksara Jawa Swara ing Tembang Gambuh
     ?gmB|h.                                                    Gambuh
?ssi AgusTus Hiku,                                                   Sasi Agustus iku,
wuln Km/ fiknNegrku,                                               Wulan kamardikan negaraku,
In[do[nsiyh k= tnSh te[kBe[kTni,        Indhonesiyah kang tansah tekbekteni,
rin lnWezi puniku,                                                        Rina lan wengi puniku,
[yKel[lnBklH[won\,                                         Yen kelalen bakal awon


PUISI UNTUK NEGERIKU


Titip Rindu Untuk Negeriku
Oleh: Lasmi Sungkono

Negeriku....
Tanah tumpah darahku
Tersohor seantera dunia
Gagah berwibawa

Negeriku....
Berdiri di atas tetesan darah para suhada
Peluh keringat rakyat menetes mengalir deras
Membasahi bumi pertiwi

Dulu...sejak itu
Negeriku merdeka rakyat hidup merdeka
Merdeka berbicara
Merdeka berpendapat
Merdeka berargumentasi
Merdeka mengekspresikan diri

Negeriku merdeka
Kokoh berdiri tegak
Melambung mengangkasa
Berwibawa tersohor seantera dunia

Negriku....
Kini telah berganti
Wajah muram menghiasi bumi pertiwi
Carut marut di sana sini
Kejujuran tergadaikan
Kebenaran tertindas dan terlupakan
Terkubur bersama bangkitnya kedholiman

Negereku....
Aku rindu kewibawaanmu
Aku rindu kejujuranmu
Aku rindu kemerdekaan dan keadilanmu
Aku merindukan wajahmu yang berseri
Aku merindukan dekapan tanganmu yang suci
Aku rindukan kedamaian...ketenteraman...kesentosaan






Debur Debur Cinta Abadi
Oleh : Lasmiati Sungkono

Dawai cintaMu... berhembus lembut menyebarkan harum surgawi
Mengalun merdu membisikan nyanyian keindahan
Menggandeng erat jari jemariMu nan lembut
Merangkul ... memeluk ... penuh kedamaian

CintaMu cinta abadi
Merasuk ke dalam sanubari di kedalaman hati tiap insani
Bersemayam menyatu ke dalam diri
Membangun insan kamil mandiri

CintaMu cinta abadi
Merayap ... merasuk ...mengobarkan cinta
Cintaku untuk eyang Habibie bukanlah debur cinta abadi
Seabadi cintaMu wahai Yang Maha Abadi
Cintaku cinta biasa cinta seorang hamba pada sesama
Cintaku pada pahlawanku pahlawan bangsaku pahlawan teknologi

Wahai pahlawanku ... kulantunkan do’a do’a untukmu
Mengiringi perjalanan hidup abadimu
Tanda cinta dan kasih sayangku padamu
Semoga Sang Khaliq melimpahkan kedamaian nan abadi




                                     Melenials Indonesiaku 
                                      (Lasmiati Sungkono)
Indonesiaku
Berjajar sejuta pulau
Dari Sabang sampai Merauke
Hijau hutannya
Subur tanahnya
Segar udaranya
Indah pemandangannya
Ramah penghuninya

Indonesiaku
Negara yang kaya
Berlimpah hasil alamnya
Namun, agak tertinggal dari negara lainnya
Mengapa bisa demikian
Salah siapakah
Rakyat, pemerintah, atau siapakah

Indonesiaku Indonesia kita
Kini...bukan masanya untuk saling menuding
Kini...waktunya untuk mawas diri
Introspeksi...membenahi diri
Bahu membahu membangun negeri

Wahai generasi milenials
Tunjukan bakatmu
Tunjukan talentamu
Apapun itu... olah raga, kesenian, akademik, bisnis
Tunjukan pada dunia Indonesia yang maju, beradab dan terdepan