Teks deskriptif yakuwe karangan sing isine
nggambarake sawijining objek ( bisa panggonanutawa wewujudan liyane) kanthi
jelas sapa sing maca paragraf kiye kaya-
kaya ngerti dhewe objek sing digambarake ana ing sajroning paragraf.
Upacara adat yakuwe sawijine ritual sing dilakoni kanthi
bareng-bareng nang kelompok masyarakat. Esih duwe sesambungan etnis, suku
utawane kabudayan.Bab kuwe dienggo nggolet tujuan sing sumbere sekang
nilai-nilai leluhur lan nenek moyange
Nang tlatah banyumas khususe ana
tradisi-tradisi sing kulina dilakoni upamane ana ana acara kenduren / slametan,
ruwatan, tradisi nikahan, begalan, mitoni/tingkeban lan liya-liyane.
Contoh teks deskriptif
upacara adat
BEGALAN
Begalan kuwe pacakan seni tutur tradisi sing diramu seni
tari, pigunane nggo srana nyumponi urut-urutan upacara Pengantenan.
Di gelar sejrone acara tekane rombongan penganten lanang mlebu maring plataran
(latar) penganten wadon. Uba rampene wujud alat-alat dhapur sing diarani
"Brenong Kepang". Kuwe jan-jane salah sijine gawan penganten lanang,
go nyumponi syarat adat mBanyumas sing tegese (makna simbolis)gathuk karo
falsafah Jawa khususe wewengkon mBanyumas. Contone: ilir, iyan, cething, kusan,
kalo (saringan ampas), tampah (nyiru), sorokan, centhong, siwur, irus, kendhil
karo wangkring lan wlira. Egin ditambah maning karo ubarampe sajen, yakuwe pala
pendhem, pala gantung, pala kesimpar, kembang pitung rupa/werna, beras kuning,
sewernane gegodhongan,gedhang raja lan gedhang emas, endhog ayam,lan
liya-liyane egin akeh maning. Sandhangane wong sing kedhapuk upacara begalan
kiye kudu nganggo klambi kampret srawa ireng, bebed lancingan bathik
Banyumasan,ikete wulung jeblagan, lan sikile kudu nyeker ora kena nganggo
trumpah.
Upacara Begalan kiye isine pitutur nggo
penganten sakloron gole arep mbangun somah. Sejrone catur-gunem upacara, kuwe
diwedharaken pitutur becik nggo penganten lan tamu sing pada teka ngrubung,
kadhang-kadhang dibumboni glewehan-glewehan kepriwe carane wong urip omah-omah
lanang-wadon. Pagelaran seni kiye diiring gendhing Jawa Banyumasan
[Ricik-ricik, crebonan, gunung sari, gudril lan eling-eling ].
Maksud lan prelambang dibegal: "sing
dibegal, kuwe dudu dunyane, tapi Bajang Sawane kaki penganten lan nini penganten".
Upacara kiye di wakilaken tukang njoged sing
wis biasa (dhukun begalan), gunggunge ana wong loro; sing siji dadi wakile
penganten wadon gawane "Wlira" ruyung jambe (sigaran wit jambe), dene
wakil penganten/besan lanang nggawa "Brenong Kepang" kuwe isen-isene
prabot dapur.
Biasane bar gelaran, "Brenong
kepang" (alat dapur) sing digawa kuwe dibalangaken kanggo rebutan/rayahan
penonton.
Adat Begalan mujudna salah sijine
adat tradhisi sing anane mung nang Kabupaten Banyumas. Adat kiye diwarisna
turun temurun. Begalan kiye dadi adicara adat sing ditindakna sadurunge adat
panggih manten.Tradhisi begalan kiye dianakna nek sing krama kuwe putra mbarep
karo putra mbarep, putra ragil karo putra ragil, putra mbarep karo putra ragil,
lan nek sing krama putra mbarep wadon.
Begalan asale sekang tembung
begal. Nang basa Jawa Banyumas tembung begal kuwe tegese padha karo tembung
rampog. Mula begalan bisa uga duwe mangsud mbegal utawa ngrampog nang tengah
dalan. Miturut critane, adat begalan kuwe dimolai sekang crita jamane Adipati
Wirasaba. Nalika semana Adipati Wirasaba arep palakrama karo putrine Adipati Banyumas.
Adipati Wirasaba karo rombongane arep tindak maring Kadipaten Banyumas lan
ngasta kabeh pirantine sing nggo pengantenan. Nang tengah dalan, rombongan
Adipati Wirasaba dibegal. Perang tandhing ora bisa diendhani, ningen rombongane
Adipati Wirasaba menang lan para begale kalah njur padha colong playu.
Panggonan utawa desa sing diliwati sing
bisa dadi seksi anane sejarah begalan, kaya ta desa Sokawera, Pegalongan lan
Cindaga.
Adat begalan nang masyarakat
Banyumas seliyane nggo nguri-uri adat tradhisi leluhur, nang saperangan
masyarakat Banyumas uga percaya nek adat kiye bisa ngruwat penganten sakloron.
Adat Begalan diparagakna nang wong loro, yakuwe paraga Gunareka karo Rekaguna.
Gunareka duwe ayahan nggawa kanthi cara mikul piranti sing nggo masak sing arep
dijujugna maring panggonane penganten putri. Gunareka teka maring panggonane
pengaten putri bareng karo rombongane penganten kakung. Piranti dapur kiye
diprecaya duwe makna utawa pesen nggo penganten, lan nggo masyarakat. Dene
Rekaguna maragakna dadi beagle.
Pesen utawa simbol sekang piranti
begalan diwedharna nang paraga Gunareka karo Rekaguna sedurunge kedadeyan mbegal nang sengarepe
penganten sekloron lan masyarakat sing padha ndeleng.
Gunareka nggone nggawa piranti kanthi cara dipikul nganggo brenong
kepang. Piranti-piranti kuwe kayata cething, centhong, irus, siwur, kusan,
saringan lan wangkring. Piranti-piranti sing dipikul Gunareka jere ana maknane,
yakuwe :
1. Cething yakuwe piranti sing nggo
wadhah sega sing digawe sekang pring. Cething kiye duwe simbol nek manungsa
urip nang bebrayan ora bisa urip dhewek tanpa pambiyantu sekang wong liya. Mula
kudu bisa srawung kanthi becik karo wong liya lan lingkungan.
2. Centhong yakuwe piranti sing nggo
nyidhuk sega sing digawe sekang bathok klapa. Centhong duwe makna nek wong wis
umah-umah kudu bisa ndeleng lupute awake dhewek (introspeksi), supaya pas ana
perkara bisa ngrampungi nganggo cara sing apik, ora padudon.
3. Irus yakuwe piranti sing digawe
sekang bathok klapa, gagange sekang pring sing gunane nggo nyidhuk jangan. Irus
duwe makna wong sing wis umah-umah kudu setya maring garwane ora kena kegodha
maring wong liya.
4. Siwur yakuwe piranti sing digawe
sekang bathok klapa wutuh, digarani nganggo pring sing gunane nggo nyidhuk
banyu sekang wadhah banyu (jembangan). Siwur dadi simbol nek rasa tresna wong
sing wis umah-umah kudu mligi nggo garwane, aja nganti tresnane nggo wong liya.
5. Kusan digawe sekang anyaman pring
sing wujude ngrucut kaya gunung, duwe makna nek wong sing wis umah-umah kudune
gelem sengkud anggone nyambut gawe nggo nyukupi kebutuhan kulawarga.
6. Ilir yakuwe kipas sing digawe
sekang anyaman pring, biasane wujude pesagi papat. Ilir duwe makna nek wong
sing wis umah-umah kudune bisa mbedakna laku sing ala lan becik. Sing ala
mesthine disingkiri, lan sing becik kudune dilakoni.
7. Iyan yakuwe piranti sing digawe
sekang anyaman pring sing gunane nggo wadhah sega sing nembe dientas banjur
dikipasi nganggo ilir. Ian dadi simbol nek panggonane nang bumi, mula padha
bisaa njaga bumi lan isine.
8. Saringan pring, duwe makna nek
manungsa kudu bisa nyaring kabar sing apik lan ala. Ora kabeh kabar kuwe bisa
diprecaya, apa maning dienggo, mulane
aja gampang kenang godhaning kabar.
9. Wangkring digawe sekang pring sing gunane nggo mikul, mralambangna nek
wong sing wis umah-umah bisa mikul tanggung jawab minangka kakung lan garwa,
uga bisa mikul tanggung jawab minangka masyarakat lan umate Gusti Allah.
Slametan Wong Meteng
Mitoni/Tingkeban
Upacara mitoni uga darani tingkeban asale sekang
tembung pitu, mula darani upacara mitoni, yakuwe upacara slametan sing danakna
pas umur wetengan wong meteng wis tekan pitung wulan, lan ngepasi meteng
pisanan. Mitoni utawa slametan pitung wulanan, delakoni sewise wetengane si ibu
genep umur 7 wulan utawa lewih. Anggone nganakna ora kena kurang saka 7 wulan,
senajan mung sedina. Ora nana weton utawa dina pasaran sing nggo pathokan
anggone nindakna, biasane nganggo dina Selasa utawa Setu. Tujuane slametan
mitoni kuwe supaya ibu karo calon bayine tansah deparingi wilujeng, sentosa,
lan slamet.
Ubarampe
sing perlu disediyakna pas arep nganakna slametan yakuwe:
1.
Klubanan mateng, yakuwe sayuran werna pitu,
kudu ana kangkung lan kacang dawa, aja ditugeli, dijor dawa-dawa, kabeh sayuran
degodhog, terus diurab karo bumbu kluban;
2.
Sega Asin, yakuwe sega sing decampur
karo bumbu pelas lan welut terus didang;
3.
Jajan pasar, yakuwe panganan jajanan
pasar werna 7 jinis;
4.
Rujak, yakuwe rujak sing digawe sekang
buah werna 7, dibumboni pedhes;
5.
Ampyang wis degoreng;
6.
Sewernane pala, yakuwe pala kependhem
(kacang wiji, budin, tales), pala gemantung (waluh), pala rambat (munthul, uwi,
gembili), kabeh digodhog;
7.
Ketan lan wajik;
8.
Endhog;
9.
Pisang raja. Manut tradisi Jawa sing
nggawe bumbu rujak kuwe ibu calon bayine. Rujake kuwe angger rasane asin, manut
kepercayan biasane arep lair bayi wadon, lan angger ora kasinen, jerene bakal
lair bayi lanang.
Tata acara adicara
mitoni dewiwiti kanthi ngumpulna bapak-bapak tangga teparo kira-kira jam 10.00.
Sewise kabeh tamu kumpul lan kabeh ubarampe wis siap, diwiwiti kanthi donga lan
tahlil sing depimpin neng kaum utawa kayim. Sarampunge donga manut tradisine
dhewek-dhewek, tumpeng karo lawuh-lawuhe desandhingna. Tumpeng lan lawuh-lawuhe
secukupe didhahar bareng-bareng. Sisane tumpeng lan kabeh lawuh dedum rata
kabeh tamu sing melu ndongani, terus dewadhahi besek utawa kranjang cilik, nggo
degawa tamu dadi brekat. Disuwun sewise rampung dhahar lan ngedum, tamune kon
padha enggal-enggal kondur lan ora perlu pamitan. Tumindak mengkono kuwe duwe
karep supaya bayi sing bakal lair, bisa cepet mbrojol.
PANGGIH MANTEN
Panggih kuwe tegese padha
karo kepanggih utawa basa ngokone ketemu. Upacara panggih nang adicara panggih minangka budaya tradhisional sing
titi laksanane dilakoni sawise akad nikah. Adicara panggih kuwe duwe makna
supaya penganten sakloron bisaa seneng nggoli nglakoni umah-umah, begya, kairing donga pangestu
sekang wong tuwa karo sanak kadange. Limrahe adicara panggih manten kuwe mapan
nang daleme wong tuwane penganten putri.
Sawise akad nikah
kulawarga sekang penganten sakloron siyaga nglakoni adicara panggih. Penganten
kakung manggon nang papan sing wis ditemtokna, dene penganten putri manggon
neng njero kamare. Wong tuwane penganten putri wis siyaga nampa rawuhe
penganten kakung karo rombongane.
Nang adat Jawa, adicara
panggih penganten kuwe werna-werna carane. Nang tlatah Banyumas, lumrahe
adicara panggih penganten kuwe urutane :
1.
Adicara
Balangan Gantalan sedhah utawa ron suruh.
Penganten saklorongentenan nggoli mbalangna godhong
suruh (gantal) sing wis dilinthing lan
dijiret nganggo lawe putih. Adicara kuwe duwe mangsud muga-muga alangane
penganten sakloron ngguli nglakoni umah-umah
ilang kenang balangan suruh kuwe.
2. Adicara sebanjure yakuwe Ngidak Tigan.
Adicara kuwe dilakoni nang penganten kakung, dene sing mijiki samparane
penganten kakung yakuwe penganten putri. Adicara kuwe mralambangna pecahe nalar
pambudine penganten sakloronsing maune esih duwe pemikiran kaya bocah cilik, tumuju maring nalar pambudi wong sing wis
diwasa. Adicara mijiki samparane
penganten kakung kuwe mralambangna angger garwa kuwe kudu bekti lan miturut
maring kakunge, lan kosok baline.
3. Adicara Sinduran.
Sindur kuwe wujude kaya slendang sing warnane abang lan putih. Nang
adicara kuwe, Ibune penganten putri nyampirna sindur nang pundhake penganten
sakloron, terus Bapake penganten putri nuntun tangane penganten sakloron dijak
maring dhampar kencana. Adicara kuwe nduweni
mangsud supaya penganten sakloron ora gampang bubrah ngadhepi pacobaning
urip.
4. Adicara Bobot Timbang.
Penganten sakloron lungguh dipangku nang Bapake penganten putri. Pas
Ibune nyuwun priksa maring Bapake abot sing endi antarane penganten sakloron,
Bapak maringi wangsulan nek padha abote. Adicara kuwe mralambangna wong tuwa
kudu padha tresnane maring putrane dhewek lan maring putra mantune, ora kena
mbedak-mbedakna.
5. Adicara Ngunjuk Toya Wening.
Penganten sakloron ngombe banyu sing bening. Adicara kuwe duwe mangsud
supaya penganten bisa ngrampungi perkara nganggo pikiran sing wening, sing
akhire bisa nemu kabegjan lair tekan batine.
6. Adicara Kacar Kucur.
Penganten kakung nyuntek dhuwit recehan karo beras kuning maring tangane
penganten putri. Penganten putri nampani suntekan kuwe nganggo sindur sing
ukurane lewih ciyut. Dhuwit karo beras kuwe terus diwadhahi nang kanthong,
dijiret terus diaturna maring Ibune penganten putri. Adicara kuwe mralambangna
nek kakung kuwe duwe kewajiban paring nafkah maring kulawargane, lan bisaa
mbantu maring wong tuwane.
7. Adicara Dulangan.
Nang adicara kiye penganten kakung ndulang penganten putri. Adicara kiye
mralambangna rasa tresna asih antarane penganten sakloron.
8. Adicara Sungkeman.
Bapak lan Ibune penganten lenggah nang kursi sing wis dicepakna, terus penganten
ndhodhok nang ngarepe wong tuane terus
sungkem, gentenan. Sing sepisan sungkem maring Bapak Ibune penganten putri,
diterusna sungkem maring Bapak Ibune penganten kakung. Adicara kiye duwe
mangsud supaya penganten sakloron ngetokna darma bektine maring wong tuwa, karo
nyuwun donga pangestu sekang wong tua.