Sunday, September 26, 2021

 SESANTI

Asale sekang tembung sa lan santi

sa tegese tumindak

santi ndonga

sesanti maksude nindakna donga

Tuladhane :

1. Rawe-rawe rantas malang-malang putung tegese sapa sing ngalang-alangi kekarepane bakal desingkirna

2. Mulat sarira hangrasa wani tegese gelem nggoleti lan ngerti kekurangane karo nglakoni kaluputane dhewek

3. Nglurug tanpa bala tegese maju perang tanpa nggawa bala/batir

4. Aja dumeh tegese sombong

5. Mikul dhuwur mendhem jero tegese ngankat drajate wong tuwa

6. Adigang,adigung, adiguna tegese ngendelna kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane (sombong)

7. Ngelmu kuwe kelakone kanthi laku tegese ngelmu kuwe mumpangati yen delakoni

8. Yitna yuwana lena kena tegese sing ngati-ngati bakal slamet

9. Sabda pandhita ratu ora kena wola-wali tegese apa sing dengendikakna ora bisa dinyang (dadi Aturan)

10. Ngundhuh wohing pakarti tegese metik sekang hasil perbuatane

11. Angon mangsa tegese nggolet wektu sing pas

12. Ajining dhiri saka kedaling lathi tegese pengajining awak/harga dhiri gumantung karo omongane

13. Sepi ing pamrih rame ing gawe tegese nyambut gawe kanthi mempeng tanpa ngarep-arep paweweh

14. Rukun agawe santosa crah agawe bubrah tegese nek padha rukun mesthi padha santosa nek padha congkrah mesthi bakal rusak/bubrah

15. Jer basuki mawa beya tegese samubarang gegayuhan/pepenginan/cita-cita mbutuhna wragad/biaya

16. Kegedhen empyak kurang cagak tegese gedhe kekarepane nanging ora sembada karo sing diduweni

17. Sebaya pati sebaya mukti tegese kerukunan sing nganti tekan pati

18. Desa mawa cara negara mawa tata tegese saben panggonan duwe adat utawa cara dhewek-dhewek

19. Blilu tau pinter keblinger tegese sing bodho wis tau nglakoni dadi bisa, sing pinter durung tau nglakoni dadi luput

20. Jalma angkara mati murka tegese kangelan merga kesuhe dhewek

21. Becik ketitik ala ketara tegese nindakna pakaryan becik lan ala bakal ketara mbesuke

22. Sapa salah bakal seleh tegese sapa sing nindakna pakaryan/pegaweyan luput bakal keweleh


73 comments:

  1. This comment has been removed by the author.

    ReplyDelete
  2. NASIR AHMAD IRSABDILLAH MUBARAK/20/9D

    ReplyDelete
  3. Suwun komentarnya mbak mas, silakan this Dan pelajari untuk persiapan menjawab quizizz Dan penilaian harian

    ReplyDelete