Tuesday, May 5, 2020

PANYANDRA


PANYANDRA

Yaiku unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges mirip utawa memper.(Ungkapan yang hamper sama dengan perumpamaan yang berisi perbandingan dan maknanya sampir sama).Kang dicandra beda becike lan mengku ngalem kaendahan, kayata kahananing manungsa, kahanane sato kewanm kahanane tetuwuhan, kahananalamlanliya-liyane.(yang dicandra berbeda dengan keadaan yang sesungguhnya yang bermaksud untuk menyanjung)

1.      Candraning manungsa (Peranganing awak)
>Alise              : nanggal sepisan
>Astane           : nggandewa gadhing
>Athi-athine     : ngudhup turi
>Awake           : ramping
>Bangkekane   : nawon kemit
>Bathuke         : nyela cendhani
>Bokonge        : manjang ngilang
>Brengose        : Nglaler mencok/nguler keket
>Cahyane        : ngalentrih, sumunar, sumunu
>Dedege          : ngringin sungsang
>Drijine           : mucuk eri
>Eseme                        : pait madu, kaya madu, pinastika

2.      Candra Solah Bawa (Tandang awe)
>Lakune kaya macan luwe
>Pangamuke kaya bantheng ketaton
>Swarane kaya mbelah-mbelahna bumi
>Lambeane mlarak sempal

3.      Cabdrane Wong Nesu
>Talingan lir sinebit
>Idep mangada-ada
>Angga mubal dahana

4.   Candraning mangsa (Kahananing alam)
>Satya murca ing embanan
  Candrane mangsa kasa, tegese : wit-witan wiwit badha brindhil
>Bantala rengkah
  Candrane mangsa karo, tegese : lemah-lemah padha nela (mlethek)
>Suta manut bapa
   Candrane mangsa katelu, tegese : wit gembili (gadhung) padha mrambat
>Waspra kumembeng jroning kalbu
   Candrane mangsa kapat, tegese : tuk-tuk padha sat
>Pancuran mas semawur ing jagat
   Candrane mangsa kalmia, tegese : wiwit akeh udan
>Rara mulya kasucen
   Cabdrane mangsa kanem, tegese : ungsum who-wohan mirasa
>Wisa kentar ing maruta
   Candrane mangsa kapitu, tegese: akeh lelara
>Ajrah jroning kayun
   Candraning mangsa kawolu, tegese : mangsane kucing gandhik
>Wedharing wacana mulya
   Candrane mangsa kasanga, tegese : mangsane gareng moni, gangsir genthir
>Gedhong minep jroning kalbu
   Candrane mangsa sepuluh, tegese : akeh kewan meteng, manuk ngendhog
>Sotya sinara wedi
   Candrane mangsa sada, tegese : mangsane manuk gloloh
>Tirta sah saking sasana
   Candrane mangsa desta, tegese : mangsa pedhidhing utawa adhem.


AKSARA MURDA


TULADHA PANULISE AKSARA MURDA


Tuesday, April 14, 2020

CERITA RAMAYANA


RESI JATAYU
Text Box: Resi Jatayu salah sijining paraga nang  crita Ramayana. Resi Jatayu kuwe wujud   manuk sing wujud garudha sing nduweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula banjur diparingi jejuluk Resi. Resi Jatayu yakuwe anak sekang  Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yakuwe anak wadon sekang  Dewa Brahma. Dadi, kena disimpulana yen Resi Jatayu kuwe  wayahe Dewa Brahma. Resi Jatayu duwe sedulur telu yakuwe Garudha harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika esih enom, kekancan raket banget karo Raja Ayodya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata kuwe bapake Prabu Rama. Nalika Dewi Sinta digeret lan digawa mabur nang Rahwana, Resi Jatayu aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber tangane Rahwana. Resi Jatayu ora tega krungu tangise Dewi Sinta.
 













Unsur intrinsik :
1    1. Paraga/tokoh
    Tokoh minangka pemeran ing sawijining crita
    a.   Pemeran utama yakuwe paraga sing paling akeh gegayutane karo paraga liyane
    b.   Paraga pambiyantu yakuwe paraga sing mbiyantu paraga utama
2    2. Penokohan/watak
    Tokoh minangka pemeran ing sawijining crita, manut sifate penokohan diperang dadi telu yakuwe:
   a.  Tokoh protagonis yakuwe tokoh sing dadi sentral ing cerita, tokoh kiye duwe peran wiwiting             cerita nganti pungkasan lan umumetokoh kiye nduweni watek becik, yakuwe wicaksana, sabar,           gelemtetulung, kendel, ulet ing tumindak lan sapiturute.
   b. Tokoh antagonis yakuwe tokoh kangnduwe wataknakal,licik angkara murka/srakah, brangasan,         seneng gawe ontran-ontran lan sapiturute.
3    3. Alur/urutan cerita
    Alur yakuwe minangka urutan kadadeyan ana sajroning cerita. Alur diperang dadi telu yakuwe:
   a.  Alur maju kuwe cerita bergerak maju. Tuladha cerpen nyeritakna sawijining bocah wiwit cilik           nganti tumekan edewassa ora ngungkit crita sing wis kelakon.
   b. Alur mundur kuwe cerita bergerak mundur. Tuladhane umume cerita latar belakang bab                    prastawa/kedadeyan, tuladha cerita sawijining ABRI nyritakna lan mbayangna kisah uripe nalika        esih enom nalika berjuang.
   c.  Alur campuran yakuwe cerita campuran alur maju lan alur mundur, cerita kiye diwiwiti sekang         tengah sawetara cerita maju banjur nyritakna kahanan jaman gemiyen.

     4. Latar/setting
Yakuwe ngrembug bab wektu, kahanan/suwasana, lan uga papan panggonan ing ngendi cerita kuwe kedadeyan.
     5. Tema 
Yakuwe bab pokok kang dadi dhasar ana ing crita, mula supaya bisa ngerteni tema sajroning crita, pemaca kudu maca crita kasebut nganti rampung.
     6.  Amanat
Yakuwe pesan moral sing ana nang njero crita.
     7.  Nilai pesan
Yakuwe hidonik, kultural, religius, lan praktis.
a.        Nilai hidonik : angger crita kuwe mung nggo nyenengna pemaca
b.      Nilai kultural : angger crita kuwe ana sesambungane/hubungane karo kebudayaan lan adat istiadat
c.        Nilai religius : angger crita kuwe ana isi piwulang agama, etika lan moral
d.       Nilai praktis : angger crita kuwe kedadeyan nang urip bebrayan/masyarakat

Unsur-unsur Intrinsik cerita "Cupu Manik Astagina
1.  Tokoh                             
     a. Resi Gotama
     b. Dewi Indradi
     c. Dewi Anjani
     d. Guwarsa
     e. Guwarsi
     f. Bathara Surya
     g. Jembawan
2. Penokohan/watak
     a. Resi Gotama     : wicaksana, adil, tegas
     b. Dewi Indradi    : ora taat, nggugoni nepsu
     c. Dewi Anjani     : sembrana, ora nurut dhawuh
     d. Guwarsa           : iri hati, brangasan, wani maring ramane
     e. Guwarsi            : iri hati, brangasan, wani maring ramane
     f. Jembawan         : nurut pinangka abdi
3. Alur cerita             : alur maju
4. Latar/setting          : ing Gunung Sukendra pertapane Resi Gotama
5. Tema                     : nitipna barang pusaka menawa ora trep marang sing dititipi ndadekna                                 pasulayan
6. Amanat                 : sapa wonge menawa diparingi amanat kudu dijaga kanthi bener lan                                     ngati-ati
7. Nilai pesan           : nilai religius
    



 

Sunday, March 29, 2020

GEGURITAN


janji kanggo sri atmaja
(Lasmiati, 28 Maret 2015)

Lamat-lamat kadulu soroting surya
Sanadyan durung patia cetha
Siji sing dadi pangarep-arepku
Balia maneh kaya asal maune
Asal kang suwaune katon edi…endah
Endah ing telenging manah

Sanadyan wektu iki katon ruwet
Kadya benang kusut kang bundhet
Kang saben ari nambahi sirah mumet
Dina-dina…sing katon pedhut ireng nggameng
Kaya gegana meh ambruk ngrubuhi jagad

Saiki….
Tekadku wis nyawiji
Mangsa kang bakal teka
Wiwit titi mangsa iki
Bakal ngupaya sarosaning daya
Kanggo mbalekna telenging jiwa
Kang kasaput mega sawatara

PUISIKU


Corona
Corona....
Makhluk super kecil
Yang tak terlihat oleh mata
Hadirmu menghebohkan 2/3 dunia

Corona....
Makhluk super kecil
Ciptaan Allah Azza Wajalla
Hadirmu atas kehendakNya

Corona....
Datang dari negeri nun jauh di sana
Wuhan kota kecil di negeri Cina
Kini merambah juga ke Indonesia

Corona...
Menghadirkan suasana mencekam
Ketakutan pada setiap insan
Mengubah gaya hidup dan kebiasaan
Mengubah gaya dan tatanan pendidikan
Melumpuhkan perekonomian serta perdagangan

Corona...
Dampak kehadiranmu begitu nyata
Dari yang suka kluyuran
Sekarang menjadi orang rumahan
Hampir semua mengkarantina diri
Dari yang tak peduli kebersihan
Kini begitu memperhatikan kebersihan

Corona....
Makhluk super kecil tak tampak mata
Hadirmu....
Mungkin sebagai teguran dariNya
Sang Maha pencipta
Sang Maha segalanya
Barangkali Tuhan sedang murka
Melihat kepongahan manusia
Menyaksikan keserakahan hambaNya
Atau... Allah bahkan sudah muak
Dan tak mau bertatap muka dengan hambaNya

Corona....
Bagiku tak bisa umroh ke Baitullah
Itu tak mengapa karena hanya sunah
Lagi pula belum kuasa untuk ke sana
Aku masih bisa berdujud dan berdo'a
Di rumah-rumahMu yang lain

Namun...
Kini mulai gundah gulana
Ketika fatwa MUI terbit
Membatasi aktifitas di madjid-madjid
Menghimbau tidak jum'atan
Menghimbau untuk beribadah di rumah
Rasanya menjadi sangat aneh
Melihat sof sof menjadi renggang
Jamaah tak berjabat tangan lagi
Silaturahmi pun dibatasi
Mungkinkah Tuhan sudah mulai bosan
Melihat tingkah kita dalam sujud
Namun tak berbekas dalam kehidupan
Atau bahkan tak sudi lagi
Mendengarkan do'a do'a kita
Yang tak khusu' dan seenaknya

Tuhan....
Inikah jawabanMu atas keinginan kami

Dulu Engkau memerintahkan supaya bersilaturahmi
Namun kami enggan melakukannya
Kami lebih suka berkomunikasi lewat WA
Bahkan berkumpul pun tetap asyik sendiri dengan WA
Dulu kita diperintahkan untuk mencontohkan akhlakul karimah dalam pembelajaran
Kini semua pembelajaran lewat WA
Atau aplikasi-aplikasi lainnya
Dulu ketika dibebaskan beraktifitas
Kita enggan dan malas
Sekarang semua serba terbatas
Dulu waktu ada kesempatan hadir di majlis ta'lim
Kebanyakan orang menyia-nyiakannya
Kini berusaha untuk mensiasatinya
Pakai zoom meeting lah webex meeting lah

Tuhan...
Kini kami baru sadar
Kepongahan dan ketidaktaatan
Berdampak buruk bagi diri kami
Maafkan kami ya Tuhan
Atas dosa-dosa yang kami perbuat

Tuhan...
Engkau yang menghadirkan Corona
Engkau pula yang kuasa melenyapkanya
Kami bermohon pada kemurahanMu
Karena hanya Engkaulah yang Maha Pemurah
Engkau menciptakan wabah ini
Pasti Engkau telah menyiapkan obatnya
Beritahu kami ya Allah
Agar tak semakin banyak korban berguguran
Cukupkan teguran ini bagi kami
Berilah kesempatan pada kami
Bertemu bulanMu yang mulia dengan kedamaian
Jangan biarkan rumah-rumahMu sepi
Biarkan kami bersujud memohon ampun di bulanMu yang suci... Ramadhan
Ya Rob ya 'Aziz ya Ghofar ya Rahman
Engkaulah Yang Maha Perkasa
Engkaulah Yang Maha Pengampun
Engkaulah Yang Maha Penyayang
Dengan KeperkasaanMu kami mohon
Enyahkan lah Corona dari muka bumi ini
Ampunilah dosa-dosa kami Ya Allah
Sayangilah kami Ya Allah

BABAD SOKARAJA


BABAD SOKARAJA

           Kacarita nang kadipaten purbalingga Sang adipati Kertabangsa, nganakna pasewakan sing dirawuhi Ki Patih, para punggawa, prajurut lan ora keri garwa prameswari sing didherekna putrane yakuwe Raden Kaligenteng. Nang pasewakan sing dirembug yakuwe bab Raden Kaligenteng sing arep dijumenengna dadi Adipati ngganteni kalungguhane ramane, nek panjenengane bisa nduweni Keris Brongot Setan Kober.
           Sang Adipati maringi priksa nek keris mau dititipna maring Ki Gedhe Ngorean nang Pratapan Sendhang Balong. Sawise midhanget ngendikane Ramane, Raden Kaligenteng banjur nyuwun pamit arep nemoni Ki Gedhe Ngorean arep nyuwun bali titipane ramane. Kaget Raden Kaligenteng merga Keris Brongot Setan Kober wis ora ana nang astane Ki Gedhe Ngorean, ningen wis dititipna maring adipati Jebuh Kusuma nang Sokaraja. Wusana pasulayan antarane Raden Kaligenteng karo Ki Gedhe Ngorean ora bisa diendhani. Ki Gedhe Ngorean ora kuwat nandhingi kasektene Raden Kaligenteng. Wusana Ki Gedhe Ngorean mlayu maring sokaraja nyuwun pangayoman maring Adipati Jebuh Kusuma.
           Raden Kaligenteng nututi mlayune Ki Gedhe Ngorean nganti tekan kadipaten. Kanthi murang tata Raden Kaligenteng nyuwun Keris Brongot Setan Kober maring Adipati Jebuh Kusuma. Sang Adipati duka yayah sinipi, Raden Kaligenteng ditendhang metu  sekang kadipaten, sang Adipati ngoyok playune Raden Kaligenteng, ningen sedurunge ngoyok, pesen maring garwane sing lagi mbobot nek bayi lair kakung paringana asma Kuncung, dene nek mijil putri mangsa bodhoa.
           Adipati Jebuh Kusuma goli ngoyok playune Raden Kaligenteng didherekna Ki Patih lan para punggawa. Paprangane Adipati Jebuh Kusuma nglawan Raden Kaligenteng kuwe dumadi nang pinggir kali. Raden Kaligenteng nyemplung nang kali lan malik rupa dadi pelus banjur mlebu kedhung, mula kali kuwe siki diarani kali Pelus.
           Sang Adipati Jebuh Kusuma niyat ngenteni metune Raden Kaligenteng sekang kedhung, mula dawuh maring Ki Patih lan pandhereke supaya bali maring kadipaten. Sejerone ngenteni metune Raden Kaligenteng, ujug-ujug ana ambu wangi kembang kenanga nang sekiwe tengene kedhung. Mula kedhung mau banjur ditengeri Kedhung Kenanga. Sang Adipati Jebuh Kusuma terus ngenteni karo semedi.
           Kacarita garwane Adipati Jebuh Kusuma wis nglairna jabang bayi mijil kakung dijenengi Raden Kuncung kaya sing dikersakna Sang Adipati Jebuh Kusuma. Mataun-taun Adipati Jebuh Kusuma ora kondur maring kadipaten nganti Raden Kuncung kepengin ketemu.
           Sewise entuk palilahe Ibune, Raden Kuncung banjur nggoleti ramane  Jebuh Kusuma sing lagi mertapa. Bareng ketemu Ramane, Raden Kuncung banjur diparingi Keris Brongot Setan Kober lan dicritakna bab memungsuhane karo Raden Kaligenteng. Midhanget critane sang Adipati, Raden Kuncung banjur nduweni sedya arep nggoleti Raden Kaligenteng, Raden Kuncung namur laku dadi dhalang kanthi aran Dalang Mertakandha.
           Raden Kaligenteng sing ngilang sekang Kedhung Kenanga siki manggon nang Kademangan Watukumpul. Ki Demang Watukumpul nedya mbukak pasar anyar, sing diramekna nganggo nanggap wayang. Warga watukumpul kepengin nanggap dhalang sing lagi kondhang yakuwe Dhalang Mertakandha. Salah sijining warga ana sing usul supaya Ki Dhalang Mertakandha nggelar lakon Babad Sokaraja. Warga sing usul mau sejatine Raden Kaligenteng.
Dhalang Mertakandha nyendikani panyuwune warga sing sejatine Kali Genteng mau. Nang wiwitan crita, Raden Kaligenteng rumangsa mongkok panggalihe jalaran Ki Dhalang nyritakna kasekten lan kaunggulane Raden Kaligenteng. Ningen bareng Ki Dhalang nyritakna Raden Kaligenteng dianggep ora satria jalaran umpetan nang Kedhung Kenanga lan ngilang nalika perang tandhing mungsuh Adipati Jebuh Kusuma, Raden Kaligenteng banjur duka. Dhalang Mertakandha ditendhang satemah pagelaran bubar awit priyayi loro mau banjur padha perang tandhing. Sejeroning peperangan Ki Dhalang Mertakandha ngetokna Keris Brongot Setan Kober, Raden Kaligenteng kena pusaka kuwe lan malih rupa dadi naga.
Adipati Purbalingga duka penggalihe nalika midhanget putrane salah kedaden dadi naga kenang Pusaka Keris Brongot Setan Kober sing sejatine kagungane Sang Adipati dhewek. Mula Adipati Kertabangsa age-age njujug maring Sokaraja nemoni Adipati Jebuh Kusuma. Sewise priyagung loro padha pinanggih lan rempugan kanthi becik, wusanane padha ndhadha kaluputane lan ngampura-ingampura.
              Adipati Kertabangsa Kondur maring Purbalingga dipethuk putra sing wis malik wujud kaya maune yakuwe Raden Kaligenteng sing bagus rupane. Ora suwe sekang kuwe Adipati Kertabangsa masrahna Kadipaten Purbalingga maring Raden Kaligenteng. Semana uga Adipati Jebuh Kusuma uga masrahna kalungguhane maring Raden Kuncung dadi Adipati nang Sokaraja.








MULA BUKANE AJIBARANG

Kacarita nang Negara Galuh Pakuan lagi nampa pacoban abot. Mangsa ketiga suwe , kawulane rekasa, akeh lelara lan akeh brandhal. Durung ana punggawa sing bisa mrantasi prekara kuwe. Arya Mundhing Wilis sing dadi adipati Galuh Pakuan kudu ngleksanani panyuwunane garwane sing lagi mbobot kepengin dhahar daging kidang sing sikile putih.  Kanthi nitih Turonggo/jaran Dhawuk Ruyung Sang adipati mbeburu kidang minangka tandha rasa tresnane maring garwane.
Gole beburu nganti tekan grumbul Gunung Mruyung sing sejatine kuwe grumbule para brandhal sing biasa gawe rerusuh nang kadipaten. Adipati Mundhing Wilis dikepung para brandhal sing dipandhegani Abulawang. Kepeksa Sang Adipati masrahna barang-barang sing diasta, klebu turangga titihane. Mula Sang Adipati kondur maring kadipaten Galuh Pakuan tanpa kasil.
Tekan kadipaten Sang Adipati rena penggalihe merga putra sing ditunggu-tunggu wis lair kakung. Sengsaya seneng nalika priksa nek jabang bayi mau ana tengere ireng nang lengen kiwane sing minangka toh wisnu tegese bayi kuwe mbesuke bakal dadi priyagung sing berbudi bawa leksana.
Durung suwe gole ngrasakna seneng, malem kapapat sekang bayi lair, ujug-ujug kadipaten dijarah-rayah dening para brandhal sekang Gunung Mruyung. Kabeh barang sing ana nang kadipaten digawa, kalebu putrane Adipati Mundhing Wilis sing esih bayi. Sewise njarah-rayah, para brandhal banjur ngobong kadipaten. Tujune Sang Adipati lan Gusti Putri bisa dislametna dening juru taman. Sebanjure Sang Adipati lan Gusti Putri arep nggoleti putrane kanthi namur laku dadi wong tani aran Ki Sandi.
Brandhal Abulawang rumangsa bungah merga dheweke pancen durung duwe anak. Mula bayi kuwe dirumat kanthi becik kaya dene anake dhewek lan diwenehi jeneng Jaka Mruyung. Suwening suwe Jaka Mruyung wis diwasa, rupane bagus, luhur bebudene, ora kaya bapa angkate.
Jaka Mruyung ora setuju karo tindak tanduke wong tuwa angkate, mula banjur lunga ninggalna umah kanthi numpak kuda Dhawuk Ruyung. Tindake Jaka Mruyung tekan nang wewengkon Dayeuhluhur. Nang kono ketemu  Ki Mranggi. Merga tilas prajurit Majapahit, Ki Mranggi duwe pakaryan dadi tukang gawe wadhah keris. Jaka Mruyung akeh nampa wulangan sekang Ki Mranggi, kayata maca, nulis, carane gawe keris lan ulah keprajuritan. Sewise nem taun  melu Ki Mranggi, Jaka Mruyung kaya nampa wangsit supaya nerusna laku maring ngetan maring wana Pakis Aji. Jaka Mruyung pamit maring Ki Mranggi, lan pesen supaya papan panggonane diparingi jeneng Dhukuh Panulisan.
Tindake Jaka Mruyung wis tekan tapel watesing Kadipaten Kutanegara, nang kana Jaka Mruyung ngaso, kuda Dhawuk Ruyung mangani suket-suket sewarege. Jaka Mruyung ngagungna Asmane Gusti Allah, nyawang kaendahaning alas lan suket sing ijo royo-royo kaya dene babud permadani gumelar. Mula papan kuwe banjur disebut dhukuh Gumelar. Nang kono Jaka Mruyung ketemu karo pemudha sing jenenge Tlangkas sekang dhukuh Cilangkap lan olih pituduh dununge alas Pakis Aji.
Sawetara kuwe, Ki Sandi sing lagi nggoleti putrane wis tekan Dhukuh Panulisan daleme Ki Mranggi. Ki Mranggi nyritakna Jaka Mruyung sing nembe sinau nang umahe, lan ciri-ciirine padha karo putrane Ki Sandi. Ki Sandi mandan lega merga wis ana pengarep-arep nek putrane bakal ketemu.
Ningen Jaka Mruyung sekiye lagi njujug maring Gunung Pakis Aji. Ki Sandi lan garwane age-age pamit ninggalna Dhukuh Panulisan. Tekan Dhukuh Cilangkap ketemu karo wong tuwane Tlangkas sing menehi ketrangan nek Jaka Mruyung wis tekan alas Pakis Aji. Ki Sandi nerusna laku nyabrang kali sing banjur diarani Kali Racak. Nang pinggire gunung priksa ana wit sing wohe akeh, sewise nyuwun priksa maring wong sing lagi liwat, jebul papan kono jenenge Gondhangmanis.
Dicritakna tindake Jaka Mruyung nasak pinggiring wana terus mangetan, ngliwati papan sing akeh manuk jalake, mula pesen maring wong sing pegaweyane tukang nggolet kayu supaya papan kono dijenengi Pejalakan. Jaka Mruyung terus lakune tekan kali Datar. Nang penggokan kali sisih kulon weruh kedhung, sing nang ndhuwure kedhung akeh manuk srewiti sing padha mabur. Mula kedhung mau banjur diarani kedhung srewiti. Sewise ngubengi alas Pakis Aji, Jaka Mruyung mikirna kepriwe carane mbabad alas. Priksa ana wong sing lagi padha gawe Tambak, mula banjur njaluk tulung bareng-bareng mbabad alas. Mbesuke, papan kono banjur diarani Dhusun Tambakan.
Nang tengah alas ana ula gedhe sing banjur dipateni, dibakar, diobong, ningen urube geni sengsaya suwe sengsaya gedhe, pungkasane alas Pakis Aji kobongan. Serehning Alas Pakis Aji esih wewengkon Kadipaten Kutanegara, mula Jaka Mruyung didukani dening Adipati Nglangak lan nampa paukuman. Sewise nampa paukuman Jaka Mruyung tindak-tanduke becik, mula ora suwe diuwali sekang paukuman lan olih kalodhangan melu ngleboni sayembara perang. Jaka Mruyung kasil ngalahna mungsuh-mungsuhe, mula diwisuda dadi senapati utama kadipaten Kutanegara.lan didhaupna karo putrine sang Adipati sing asma  Dewi Pandhan Ayu.
Kabar dhaupe Jaka Mruyung karo Dewi Pandhan Ayu semebar nang ndesa-desa nganti kepireng Tlangkas lan wong tuwane. Ki Sandi uga mangerteni kabar kuwe, banjur mbukak wadine nek sejatine dheweke kuwe Adipati Mundhing Wilis sekang Galuh Pakuan. Tlangkas lan wong tuwane kaget bareng ngerteni sapa sejatine Ki Sandi lan Jaka Mruyung. Mula age-age maring kadipaten nemoni senapati utama Jaka Mruyung prelune arep nyritakna sapa sejatine wong tuwane. Jaka Mruyung kaget lan nangis sewise krungu critane Tlangkas, nganti nggetuni lelakon uripe.
Sang Adipadi Nglangak gumbira penggalihe bareng midhanget ature Tlangkas yen mantune kuwe sewijining Pangeran, putra Adipati Galuh Pakuan. Mula Adipati Mundhing Wilis lan garwane banjur dipethuk supaya mlebu Kadipaten Kuthanegara nekseni dhauping penganten. Ngepasi rame-rame pahargyan penganten, ujug-ujug ana kabar sing gawe gegere pahargyan, yakuwe ilange Dewi Pandhansari putra mbarepe Adipati Nglangak, ya mbekayune Dewi Pandhan Ayu. Mbokmenawa Dewi Pandhansari lingsem penggalihe dilangkahi dening Dewi Pandhan Ayu, adhine. Seweise digoleti jebul lagi tapa nang kali, mula ora gumun akeh wong lanang ya kaum laki sing padha teka kepengin ndeleng Dewi Pandhansari. Mula kali kuwe banjur diarani Kali Luwih Laki utawa siki diarani kali Wilaki. Wusana dikabarna nek Dewi Pandhansari seda nang kali kuwe lan disarekna nang tengah sawah. Pesareane kondhang kanthi aran Pesaren Pandhansari.
Adipati Nglangak yuswane sengsaya sepuh, mula banjur masrahna kalungguhane maring Jaka Mruyung kon madeg dadi Adipati Kutanegara. Ningen sewise dadi adipati, Jaka Mruyung ora krasan  nang Kutanegara. Panjenengane pindhah maring alas Pakis Aji sing wis dibabadi didadekna punjering peprentahan kadipaten, nuli disebut Ajibarang.