Tuesday, April 14, 2020

CERITA RAMAYANA


RESI JATAYU
Text Box: Resi Jatayu salah sijining paraga nang  crita Ramayana. Resi Jatayu kuwe wujud   manuk sing wujud garudha sing nduweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula banjur diparingi jejuluk Resi. Resi Jatayu yakuwe anak sekang  Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yakuwe anak wadon sekang  Dewa Brahma. Dadi, kena disimpulana yen Resi Jatayu kuwe  wayahe Dewa Brahma. Resi Jatayu duwe sedulur telu yakuwe Garudha harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika esih enom, kekancan raket banget karo Raja Ayodya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata kuwe bapake Prabu Rama. Nalika Dewi Sinta digeret lan digawa mabur nang Rahwana, Resi Jatayu aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber tangane Rahwana. Resi Jatayu ora tega krungu tangise Dewi Sinta.
 













Unsur intrinsik :
1    1. Paraga/tokoh
    Tokoh minangka pemeran ing sawijining crita
    a.   Pemeran utama yakuwe paraga sing paling akeh gegayutane karo paraga liyane
    b.   Paraga pambiyantu yakuwe paraga sing mbiyantu paraga utama
2    2. Penokohan/watak
    Tokoh minangka pemeran ing sawijining crita, manut sifate penokohan diperang dadi telu yakuwe:
   a.  Tokoh protagonis yakuwe tokoh sing dadi sentral ing cerita, tokoh kiye duwe peran wiwiting             cerita nganti pungkasan lan umumetokoh kiye nduweni watek becik, yakuwe wicaksana, sabar,           gelemtetulung, kendel, ulet ing tumindak lan sapiturute.
   b. Tokoh antagonis yakuwe tokoh kangnduwe wataknakal,licik angkara murka/srakah, brangasan,         seneng gawe ontran-ontran lan sapiturute.
3    3. Alur/urutan cerita
    Alur yakuwe minangka urutan kadadeyan ana sajroning cerita. Alur diperang dadi telu yakuwe:
   a.  Alur maju kuwe cerita bergerak maju. Tuladha cerpen nyeritakna sawijining bocah wiwit cilik           nganti tumekan edewassa ora ngungkit crita sing wis kelakon.
   b. Alur mundur kuwe cerita bergerak mundur. Tuladhane umume cerita latar belakang bab                    prastawa/kedadeyan, tuladha cerita sawijining ABRI nyritakna lan mbayangna kisah uripe nalika        esih enom nalika berjuang.
   c.  Alur campuran yakuwe cerita campuran alur maju lan alur mundur, cerita kiye diwiwiti sekang         tengah sawetara cerita maju banjur nyritakna kahanan jaman gemiyen.

     4. Latar/setting
Yakuwe ngrembug bab wektu, kahanan/suwasana, lan uga papan panggonan ing ngendi cerita kuwe kedadeyan.
     5. Tema 
Yakuwe bab pokok kang dadi dhasar ana ing crita, mula supaya bisa ngerteni tema sajroning crita, pemaca kudu maca crita kasebut nganti rampung.
     6.  Amanat
Yakuwe pesan moral sing ana nang njero crita.
     7.  Nilai pesan
Yakuwe hidonik, kultural, religius, lan praktis.
a.        Nilai hidonik : angger crita kuwe mung nggo nyenengna pemaca
b.      Nilai kultural : angger crita kuwe ana sesambungane/hubungane karo kebudayaan lan adat istiadat
c.        Nilai religius : angger crita kuwe ana isi piwulang agama, etika lan moral
d.       Nilai praktis : angger crita kuwe kedadeyan nang urip bebrayan/masyarakat

Unsur-unsur Intrinsik cerita "Cupu Manik Astagina
1.  Tokoh                             
     a. Resi Gotama
     b. Dewi Indradi
     c. Dewi Anjani
     d. Guwarsa
     e. Guwarsi
     f. Bathara Surya
     g. Jembawan
2. Penokohan/watak
     a. Resi Gotama     : wicaksana, adil, tegas
     b. Dewi Indradi    : ora taat, nggugoni nepsu
     c. Dewi Anjani     : sembrana, ora nurut dhawuh
     d. Guwarsa           : iri hati, brangasan, wani maring ramane
     e. Guwarsi            : iri hati, brangasan, wani maring ramane
     f. Jembawan         : nurut pinangka abdi
3. Alur cerita             : alur maju
4. Latar/setting          : ing Gunung Sukendra pertapane Resi Gotama
5. Tema                     : nitipna barang pusaka menawa ora trep marang sing dititipi ndadekna                                 pasulayan
6. Amanat                 : sapa wonge menawa diparingi amanat kudu dijaga kanthi bener lan                                     ngati-ati
7. Nilai pesan           : nilai religius
    



 

13 comments: