Thursday, January 12, 2023

 

ANTOLOGI GEGURITAN SUNARING LINTANG

Anggitane : Dra. Lasmiati ( Lasmi Miati)

 

 

 

 

        

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Atur Pangiring

 

Puji syukur mugi konjuk dhateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking berkah saha rahmatipun buku Antologi Geguritan kanthi irah-irahan Sunaring Lintang saged karakit. Buku Antologi Geguritan Sunaring Lintang ngemot geguritan-geguritan ingkang kula serat kanthi ngelmu ingkang kula sinau ing pelatihan-pelatihan antawisipun kalian Kang Wanto Tirta,  ugi…

Saderengipun kula ngaturaken panuwun dhateng Kang Wanto, …. Ingkang sampun paring ngelmu saengga kula saged ngrakit  Buku Antologi Geguritan menika. Kula ugi ngaturaken panuwun dhumateng kanca-kanca, para kadang sutresna ingkang sampun paring panjurung saengga Buku Antogi menika saged karakit.

Buku Antologi Geguritan Sunaring Lintang menika isinipun kumpulan geguritan kanthi tema werni-werni kadosta kaendahaning alam,  katresnan, uga surasaning manah.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Daftar Isi

 

Irah-irahan

Atur Pangiring

Daftar Isi

1.      Manungkul Marang Gusti

2.      Taman Victoria

3.      Kabur Kanginan Saparan-paran

4.      Bumiku Nuswantara

5.      Calung Banyumas

6.      Mbabar Raina

7.      55 TAHUN

8.      Udan Ing Sasi Juli

9.      Wasitaning Gusti

10.  Dedongan Kanggo Simak

11.  Baturaden

12.  Janji kanggo sri atmaja

13.  Banyumas

14.  PTM

15.  Corona Gawe Gendra

16.  Nandhang Wuyung

17.  Sunaring Lintang

18.  Golet Ridhoning Gusti

19.  Pageblug Virus Corona

20.  Apa Rila Yen Basa Jawa Ilang

21.  Pletheking Bagaskara

22.  Respati Nanggal Siji

23.  Rembulane Padhang Jingglang

24.  Udan Riwis-riwis

25.  Tandang Gawe

26.  Dunyane Wis Tuwa

27.  Manungkul Marang Gusti

28.  Jemuah Bersih

29.  Urip Kuwe Mung Mampir Ngombe

30.  Facebook Dunya Kang Maya

31.  Berkahe Gunung Slamet

32.  Eling Lan Waspada

33.  Kuwaya Andum Berkah

34.  Reriwis Tanpa Kuwung

35.  Ngrungkebi Bumi Partiwi

36.  Banjir Ludira

37.  Ngowahi Sejarah

38.  Gurit Wengi

39.  NKRI Harga Mati?

40.  Gurit Kanggo Para Taruna

41.  Pageblug Semeru

42.  Berkahe Gunung Slamet

43.  Eling Lan Waspada

44.  Guruku Digugu Lan Ditiru

45.  Getuk Goreng

46.  Apa Rila Yen Basa Jawa Ilang

47.  Respati Nanggal Siji

48.  Kidhung Awan Sapinggiring Sawah

49.  Rembulane Padhang Jingglang

50.  Tandang Gawe

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Manungkul Marang Gusti

 

Jaman edan

Akeh wong sing padha ngedan

Sing cilik ngedan

Sing gedhe ngedan

Sing tuwa uga ngedan

Jarene...nek ora ngedan ora keduman

Apa enggane aku kudu melu ngedan

Edan...edan...ngedan

 

Ora....

Inyong ora kena melu edan

Inyong kudu tetep eling lan waspada

Manungkul marang Gusti Kang Maha Kuwasa

Netepi titahing Gusti

Dadi manungsa sejati

Manungsa kang binudi

Dadi rahmat ing saindhenging bumi

 

Baturaden, 22 januari 2018

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Taman Victoria

 

Rong tahun kepungkur

Inyong mung maca crita

Ramene taman Victoria

Taman sing dadi idholane TKI Indonesia

Taman kang dadi papan kumpule para wanita

Kang padha nyleweng sekang kodrating manungsa

 

Siki ora mung krungu crita

Kaya sing decritakna neng taman Victoria

Taman kang panggonane adoh

Ing Hongkong kana

Siki uga kedadeyan ing Indonesia

LGBT...nyalahi kodrating manungsa

Manungsa kang mbelani nafsu angkara

Tumindak laku nistha

 

Taman Victoria dununge ngaluk-aluk ing kana

Sanadyan bera tumindak nistha

Singkirna sekang  donya Indonesia

Indonesia tetep jaya

Yuwana para taruna

Negara tata tentrem kerta raharja

 

Baturaden, 23 Januari 2018

 

 

 

 

 

 

Kabur Kanginan Saparan-paran

 

Godhong garing ... kumleyang ....

Ora duwe daya

Suket teki ndhelik, ndhepis

Aling-alingan pager wesi

 

Dhedhemitan klayaban

Nggoleti kanca dolan bebarengan

Iblis ndhepis-ndhepis

Nggoleti dalan kemaksiatan

 

Apa enggane godhong bakal tetep garing

Suket tetep ndhelik

Iblis, dhedhemitan klayaban ora karuan

 

Thole ... dhenok ....

Age-age dho gumregah tangi ....

Cancut tali wanda aja padha keri

Mbeneri budi pakarti kang wis suwe mati

Kabur kanginan saparan-paran

Kendhang ...klelep ... ing segara wetan

Klebus ... kodanan ... neng tlatah kulon

 

Besuk ....

Titiwancine ....

Langit bakal padhang jingglang

Kawuran sotya pelangi wahyu Ilahi

 

Banyumas, 8 Februari 2018

 

Bumiku Nuswantara

 

Bumiku subur

Bumiku makmur

Gemah ripah loh jinawi

Iku sesanti jaman old uga now

 

Delengen ....

Sawangen ....

Sekang pojok wetan tumekaning pojok kulon

Sekang pojok lor tumeka pojok kidul

Bumiku katon ijo royo-royo

Ngegla ... padhang ... wera....

Tumata kanthi becik ... apik

Papan panggonan plesiran

Ing bumiku nuswantara

 

Delengen ....

Sawangen ....

Gatekna ....

Sapa bae sing bisa nyecep

Asin ... legi ... pait ....

Bumi nuswantara iki

Aku ... kowe ... kita ...apa wong liya

Sekang mancanegara

 

Ooooo ....

Bumiku nuswantara

Siki wis wiwit dadi weke wong liya

Apa aku lan kowe kudu tetep meneng

Karo ati sekreneng

Api-api ora weruh

Api-api ora krungu

Api-api bungah

Sanajan ati susah

 

Ooooo ....

Generasi jaman now

Gumregaha ....

Tangia ....

Aja ngasi deduweki wong liya

Sanadyan kanthi toh-tohan nyawa

 

Baturaden, 9 April 2018

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Calung Banyumas

 

Thing thung thing brung

Swara calung Banyumasan

Resep derungokna

Lenggak-lenggok penarine

 

Calung Banyumasan

Sing digawe sekang epring

Ditata manut irama

Cacahe deling-eling lan detung

Detabuh adhedhasar lagu

Lagu dhangdhut

Lagu pop, lagu rege, lagu kroncong lan kasidahan

 

Calung Banyumasan

Gawe regeng swasana

Gawe bombong manahira

Ati sumpeg ... ati ruwet .... dadi padhang

Ilang was sumelang

 

Baturaden, 9 April 2018

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Mbabar Raina

 

Bang wetan mbranang padhang

Ngawe-awe ngejak kanca sekukuban

Tumapaking surya ngintip sekang jendhela

Durung marem yen lakune isih dhewekan

Golet kanca kanggo haleledhang

 

Binarung bang wetan

Jago kluruk saut-sautan

Pratandha mbabar raina

 

Bang wetan gagat raina

Miwiti panyebaring rejeki

Siji-siji dibiji manut ajining dhiri

Dipilah-pilah manut pangrengkuhing pribadi

Ana sing sekepel ana sing segendhongan

Kabeh wis tinakdir dening Kang Maha Mirah

Kabeh mung bisa atur panarimah

 

 

Baturaden, 10 april 2018

 

 

 

 

 

 

 

 

 

55 TAHUN

 

Seket lima tahun kepungkur

Keprungu swara jabang bayi

Cenger ... cenger ....

Ana ing omah sapinggiring sawah

Swasana kang sepi ... asri ....

Nambahi jenjeming ati

Bapa lan biyunge si jabang bayi

 

Binarung swarane jabang bayi

Jangkrik ngikrik

Kodhok ngoret

Nambahi endahing swasana

Wengi kang sepi

Candra ... kartika ....

Sumunar madhangi jagad raya

Padha karo padhanging manah

Manahe wong loro kang nembe nampa bebungah

Sekang Gusti Kang Maha Mirah

 

Iba senenge wektu iki

Rinasa ing teelenging ati

Ijabah lan nugraha sekang Gusti

 

Yayi mung bisa ngunjukna donga-donga

Amung iku kang bisa dakaturna

Nadyan wis sawetara

Anggone urip bebrayan

Tandha tresna asihku lan sliramu

Ora tahu luntur kasaput bayu

Tumekaning titi wanci iku

 

Baturaden, 30 Januari 2018

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Udan Ing Sasi Juli

 

Ora ana sing dakantu-antu

Kejaba tekamu

Udan ing wulan Juli

Sing wis suwe diumpetna

Titik-titik embune

Kanggo tetuwuhan

 

Ora ana sing luwih daktresnani

Kejaba tekane udan ing  sasi Juli

Kanggo ngapus tapak-tapak sukune

Kang tumempel ing jubine

 

Ora ana sing luwih wicaksana

Sekang udan ing wulan Juli

Kang bisa gawe sumringahing ati

Uga telesing jiwa raga iki

 

Sing padha bingung ing dalane Gusti

Ora ana sing lewih arif

Kejaba pitutur sakang tekane udan ing sasi Juli

 

Meneng...tanpa calathu

Tetuwuhan lan kekembangan

Kanthi oyode

Ngisep banyu ing sasi Juli

 

Baturaden, 20 Februari 2019

 

 

Wasitaning Gusti

 

Gempa, tsunami neng ngendi-endi

Apa kuwe pratandha

Menawa Gusti kang Murbeng jagat  duka

Duka amarga ulahing manungsa

Kang tumindak nurut bujuking hawa

 

Jaman akhir

Tumindaking manungsa kaya kewan

Kamangka...manungsa diparingi akal pikiran

Kanggo nimbang sakabehing saran

Supaya tumindake ora nyimpang sekang tatanan

 

Nalika wasitaning Gusti wis tumurun

Kuwe pratandha Gusti Kang Murbeng dumadi

Tresna asih marang sakabehing para abdi

Para abdi mung kari golet teliking sandi

Banjur kapilah-pilah kapilih sing katitik

Dening Gusti kang Murbeng Dumadi

 

Baturaden, 21 Desember 2018

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Dedonga Kanggo Simak

 

Mak....

Aku kokkandhut sangang sasi setegah

Sampeyan asta menyang ngendi ngendi kanthi ati bungah

Ora tau krasa abot

Ora tau nggresula

Apa maning sambat

Marang wong liya

 

Mak...

Sampeyan wanita kang prasaja

Ora pirsa apa kuwe sing arane mas lan perak

Apa maning nyandhang lan urip kepenak

Sing aneng penggalihe

Mung anak bisa mangan lan nyandhang

Sarta golet padhanging dunya

Supaya mbesuk bisa urip mulya

 

Mak....

Anane aku siki

Kuwe kabeh merga lara lapane sampeyan

Pengorbanane sampeyan

Nanging...manut panemumu iku kabeh kuwajiban

Ora mikir oleh apa mbesuke

Sing dipikir mung nggulawenthah anak kanthi ikhlas, Lillah

 

Mak...

Pangapuraku bae sing akeh

Nganti tumekaning seda durung bisa nggawe mulya

Siki mung bisa ngunjukna donga-donga marang Kang Maha Kuwasa

Amrih sampeyan tentrem ing swarga loka

 

Baturaden, 22 Desember 2018

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Baturaden

 

Baturaden ....

Adhem ... seger ... hawane

Bawera ... jembar papane

Endah sesawangane

Asri lingkungane

Grapyak semanak masyarakate

Resep sedhep pasugatane

 

Baturaden ....

Kawentar saindhenging nuswantara

Idholane kawula mudha

Turis dhomestik uga mancanegara

 

Baturaden ....

Adhem banyune

Adhem hawane

Adhem sesawangane

Adhem pikir lan atine

 

Baturaden ....

Bisa gawe bungah

Wong-wong sing lagi nandhang susah

Nandhang susah ... bisa bungah

Baturaden, 20 Oktober 2021

 

Janji kanggo sri atmaja

 

Lamat-lamat kadulu soroting surya

Sanadyan durung patia cetha

Siji sing dadi pangarep-arepku

Balia maneh kaya asal maune

Asal kang suwaune katon edi…endah

Endah ing telenging manah

 

Sanadyan wektu iki katon ruwet

Kadya benang kusut kang bundhet

Kang saben ari nambahi sirah mumet

Dina-dina…sing katon pedhut ireng nggameng

Kaya gegana meh ambruk ngrubuhi jagad

 

Saiki….

Tekadku wis nyawiji

Mangsa kang bakal teka

Wiwit titi mangsa iki

Bakal ngupaya sarosaning daya

Kanggo mbalekna telenging jiwa

Kang kasaput mega sawatara

 

Baturaden, 28 Maret 2015

 

 

 

 

 

Banyumas

 

Bahasane ngapak kanggo caturan kepenak

Anak putu uripe tansah guyub rukun

Nandhakna masyarakate urip makmur

Nandur kabecikan cirine wong Banyumas

Yen gather kanca anyar langsung cedhek

Umume padha ramah semedulur

Manut tatanan sing ora perlu kacathet

Aneng buku apa dene kitab primbon

Sangsaya sure sangsaya rukun sedulurane

 

Baturaden, 6 September 2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

PTM

 

Srengenge panjer

Mlethek gagat raina

Padha gemregah

 

Mancal kemule

Gregah tangi mencolot

Gegebyur adus

 

Lakuning surya

Sangsaya tekan dhuwur

Wis kudu mlangkah

 

Nggendhong tase

Budhal menyang sekolah

Jo lali prokes

 

Ketemu guru

Sinau bareng kanca

Do jaga jarak

 

Ngaso neng kelas

Mangan ngombe neng kelas

Tetepa ikhlas

 

Bubar sekolah

Langsung bali nyang ngomah

Pikantuh berkah

Baturaden, 6 September 202

 

Corona Gawe Gendra

 

Virus corona

Gawe gendra sadunya

Anggegirisi

 

Teka kang Cina

Nular sekang pelancong

Sumrambah nyebar

 

Pawongan wedi

Ketularan corona

Njaga imune

 

Daya upaya

Kanggo ngilangi virus

Protokol sehat

 

Urip sing sehat

Istirahat teratur

Pan begja mulya

 

Baturaden, 7 September 2021

 

 

 

 

 

 

 

 

Nandhang Wuyung

 

Mendhung tanpa udan

Kaya rasa rasaning atiku sing kroncalan

Lara ati nandhang wuyung

Mbuh tekan kapan brantaning ati bisa disudani

Sebab tekan siki durung kabukti

 

Naming Gusti kang murbeng dumadi

Kang wenang murba

Manungsa sadermi nglakoni

Anut marang laksitaning kodrat

Kang wus ginaris dening Gusti kang Maha Rohim

 

Awit tresna butuh tawuring rasa

Mula aja kewawa

Menawa Gusti uwis paring kodrat

Bisa sinandhing tanpa cuwa

Nanging tetep kudu diupaya

 

Baturaden, 9 September 2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Sunaring Lintang

 

Mbang kulon katon branang abang

Srengenge wis meh mangslup tutupan mega

Wengi bakal marani sliramu sing wis suwi ora bali

Sumilak jingga kadya ngawe-awe tekamu

 

Rembulan kaya-kaya aras-arasen anggone lumampah

Kesaput mega mendhung sing sedhilut maning   bakal rebah

Kumleyanging rasa ora bisa tinutupan dening mega

Kaya-kaya bakal wutah bareng tetes luhing kelam

 

Ati kang kabranang merga nandhang duhkita

Kangen kang sangsaya ngambra-ambra

Wis ora bisa dibendhung  maning  nganggo cindhe

 

Bisane mung pasrah marang Gusti

Supaya sunaring lintang bisa madhangi petenging galih

Sanadyan rasaning duhkita durung bisa ilang sekang telenging ati

 

Baturaden, 16 September 2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Golet Ridhoning Gusti

 

Lamat-lamat kadulu tekaning srengenge neng bang wetan

Sunare katon abang mbranang

Tandha gagat raina sedhela maneh bakal teka

Mratandhani wong-wong wis cumanthaka golet bandha

 

Lumampahing baskara kadya tanpa rupa

Seklerapan tinutupan mega

Seklerapan padhang jingglang

Kaya mati satengahing urip

 

Urip tanpa daya

Ora ana daya kanggo ngupaya bandha

Apa maneh dunya brana

 

Sing digoleki among ridhoning Gusti

Kanggo sanguning urip ing alam kalanggengan iki

Swarga loka lumintir

 

Baturaden, 16  September 2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Pageblug Virus Corona

 

Pepaesing dunya kaya-kaya ilang pamore

Awit sekang tekane virus corona

Ganti swasana sepi mamring sadalan-dalan

Eling wektu sadurunge ketamon corona

Babagan apa bae katon regeng nyenengna

Lamun siki kabeh wis owah  sekang tatanane

Urung bisa mbalik kaya maune

Ganti jaman ganti pakulinan ganti kebiasaane

 

Virus corona sing asale sekang Cina

Ing salumahing dunya gawe gendra

Remuking daya perekonomian

Uga perdagangan salumahing dunya

Sangsaya tumpes tumpar

 

Corona makhluke Gusti Allah sing cilik menthik

Ora katon dideleng nganggo mata wuda

Rumangsa paling sekti mandra guna

Ora rumangsa salah menawa gawe gendra

Ning sing kudu padha dengerteni para manungsa

Anane corona kabeh sekang Gusti Kang Maha Kuwasa

 

Baturaden, 22 September 2021

 

 

 

 

 

 

Apa Rila Yen Basa Jawa Ilang

 

Aku ora rila yen basa jawa bakal musna

Pancen mangsa siki wis sangsaya langka pengguna

Ananging bakal lestari aku tetep percaya

 

Rikala semana  basa jawa kaloka

Ilining kasusastran kaya-kaya ora tau asat

Lestari ngrembaka tekan manca negara

Ambune sumebar wangi ngambar ambar

 

Yen siki katon kaya arep musna

Entheng neng pikir abot ing panyandhang

Netepi kewajiban njaga lestarining basa jawa

 

Bebasan abot entheng dilakoni bebarengan

Aku lan sampeyan kabeh sarana

Supaya basa jawa tansah widada

Ana ing bumi Jawa Indonesia

 

Jiwaning manungsa kudu tansah percaya

Ananing keajaiban sing wis kinodrat

Wasising manah kudu tansah diasah

Awit kudu imbang antarane jiwa lan raga

 

Ilange basa jawa ora bakal kenyana

Lamun aku lan sira kabeh cancut tali wanda

Ambendhung tekane mega

Neng tanah jawa

Gung anginggil perwira

Baturaden, 22 September 2021

Pletheking Bagaskara

 

Semilir angin ing sapinggiring segara

Njalari tumetesing luh kang sangsaya jero

Nganti ora bisa kabendhung nganggo gombal bodhol

Esem sing maune katon manis

Guyu seru latah-latah siki bisu

 

Aku neng kene

Kaya buku diary sing urip

Panggonan kanggo nulis pangunek unekmu

Kanthi duwe ancas kabeh sungkawa ilang musna

 

Nanging....

Bagaskara angslup tanpa paring warta

Nahan rasa kanggo nggayuh mangsa kang arep teka

Kaya-kaya tumetesing luh ana sajroning jiwa

Perih nanging ora oleh ngrintih

 

Kereming manah nganti ora bisa napas

Mata ora bisa merem

Kambang kambang mata branang

Mbendhung supaya luh ora tumetes

 

Kangen kang wis kandel

Kudu digoletna cara anggone ngudhari

Padhanging mangsa bakal kawiyak

Bareng karo pletheking bagaskara

 

Baturaden, 22 September 2023

 

Respati Nanggal Siji

 

Wengi wis Bali menyang papan panggonan

Manjing nyawiji gagat raina

Bagaskara lon alonan lumaku sekang wetan

Tanda para among tani makarya nggolet pangupa jiwa

 

Respati nanggal siji kucem pasuryane

Lengket-lengket lakune ninggal tapake

Angslup neng papan dununge

Nyawiji sungkem marang Gustine

 

Respati....

Rupamu njlirit kadya arit

 

Baturaden, 19 Oktober 2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Rembulane Padhang Jingglang

 

Wengi kiye katon semringah

Pawongan padha bungah

Bocah-bocah rame aneng njaba umah

Para sepuh manungkul maring Gusti pasrah

 

Rembulane bunder kluwer-kluwer

Sing padha jonjang muter-muter

Sing masang mingar-minger

 

Kartika nancang ing tawangan

Kumerlip ngawe-awe bebarengan

Banjur tumurun neng kalangan

 

Rembulane padhang jingglang

Madhangi sakupenging panyawang

Dikancani padanging lintang

Sing ambyar aneng awang-awang

 

Baturaden, 19 Oktober 2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Udan Riwis-riwis

 

Udan riwis-riwis nelesi lemah ngarep omah

Tetanduran sing maune alum tangi gumregah

Ngadeg ngrembuyung mlengkung sawayah-wayah

Sesawangan katon ijo royo-royo edi endah

 

Kewan-kewan ngombe banyu udan

Sabanjure bebarengan padha mangan

Tumindake kaya manunsa andum pakan

Ngugemi pranatan pepadhaning kewan

 

Mlebu kandhang siji mbaka siji

Ora perlu ngantri ora perlu dibiji

Kabeh darbe pengaji dhiri pribadi

Ora kena nduweni sipat iri

 

Udan riwis-riwis ing wayah sore

Andum berkah kanggo awake dhewe

Tumpraping manungsa kang sugih syukure

Tansah sembah sungkem mring Gustine

 

 

 

Baturaden, 20 Oktober 2021

 

 

 

 

 

 

 

Tandang Gawa

 

Esuk umun-umun pancal kemul

Nata rambut banjur nyanggul

Tandang gawe aneng dhapur

Ngliwet uga gawe sayur

 

Rampung beberes plencing mangkat

Ora lali sangu tahu kupat

Dewadhahi tepak isi papat

Depangan kanca cacah papat

Bubar mangan pating klepat

 

Bubar mulang bali ngomah

Mampir pasar tuku barang nggo demamah

Tekan ngomah gari mlumah

Dipijeti mbok Salamah

 

Baturaden 22 Oktober 2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Dunyane Wis Tuwa

 

Dunyane wis katon tuwa

Urung duwe sangu kanggo bali menyang alam kelanggengan

Nanging akeh pawongan sing tan rumangsa

Yen sedhela maneh bumine bakal nela

Anane udan mung gawe nelangsa merga kurang nrima

Nandhakna yen kurang ngelmu agama

Ewadene sing diudag mung raja brana

 

Wancine wong-wong wiwit padha sadar

Ingatase urip neng dunyane mung sekedhar

Sing penting kabeh kudu padha sadhar

 

Tuntunan agama kudu dikaji

Urip neng dunya mung sawiji

Winengku marang Hang Widhi

Aneng dunya nggolet sangu kanggo bali

 

Baturaden, 2 Oktober 2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Manungkul Marang Gusti

 

Bagaskara angslup maring senthong

Awan gumanti wengi dalu

Langit kemulan mega mendhung

Ujug-ujug angkasa muntah kuwaya

Katon riwis riwis ing sadawaning dalan

Nambahi dawane was sumelang

Sing wis telung dina ngarepna kabar

 

Wengi sangsaya nglangut

Nambahi kandeling pedhut

Ati kang sangsaya nglantur

Ngenteni kabar sangsaya kabur

 

Grimis riwis riwis nambahi ati miris

Nanging lon alonan lakune angin

Nggiring lunganing hawa atis

Wulan cumlorot tipis

Kadya alis nanggal siji

Ati kang maune pisah siki nyawiji

Manunggal manungkul marang Gusti

 

Baturaden, 22 September 2021

 

 

 

 

 

 

 

Jemuah Bersih

 

Dina Jemuah ing wanci enjang

Kahanan esih katon remeng-remeng

Keprungu  guyone kang gayeng

Katon Siswa SMP kang nggrengseng

 

Wektu sekolah miwiti pasinaon

Akeh siswa sing padha pitakon

Jemuah enji  ng kagem lingkungan kemawon

Kerja bakti reresek papan pasinaon

 

Namung tekat saiyeg saeka kapti

Nyambut gawe bareng kanthi senenge ati

Tansah sehat kang diupadi

Lingkungan sekolah kang tetep asri

 

Lingkungan sehat kudu den lestari

Budaya bebersih kudu diuri-uri

Supaya warga bijak bestari

 

Baturaden, 24 September 2024

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Urip Kuwe Mung Mampir Ngombe

 

Urip kuwe mung Mampir ngombe

Rumangsaa yen uripmu neng dunya mung seklepatan

Isih mending yen waspada lan nrima

Pasrah marang Gusti sing Maha Mirah

 

Kumalungkung dudu sipat sing prasaja

Urip neng dunya kudu  asipat lembah manah

Waton manut marang aturan Qur'an sunah

Eling yen besuk bakal bali maring kelanggengan

 

Murih urip neng akherat tata tentrem

Urip aja ninggal aturane Gusti Kang Maha Ageng

Ninggalna maksiyat durjana angkara

Gusti bakal ngapurani kabeh luputira

 

Baturaden 22 Oktober 2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Facebook Dunya Kang Maya

 

Ujug-ujug kenalan dhewe

Sabanjure njaluk nomer hape

Clathune karo ngawe-awe

Cempuleke dhudha pisah nembe

 

Detolak banjur nesu

Awit tansah kegawa kelu

Nyawang pasuryane sing ayu

Ora ngerti kaya mau

 

Metu omong seomong

Sing ngemu sipat sombong

Ora gelem ngemong uwong

Geleme mung dibombong

 

Sesumbar njaluk deblokir

Anggone ngomong ora depikir

Kaya-kaya neng alam nyata

Kamangka Facebook dunya kang maya

 

Mapan Wong urip kudu tansah tumindak becik

Aja ngasi ninggal tatanan lan subasita

Mepes hawa napsu kang ngambra-ambra

Penggak kabeh kepenginan kang ora munpangat

Isi uripmu kanthi tumindak becik

Rumangsaa nek urip dudu kanggo dhiri pribadi

 

Nerak laranganing Gusti

Gangguaning syaitan sawiji

Omong seomong kudu biniji

Mumpung esih urip teng mriki

Bisaa njaga budi pekerti

Engkone bakal urip pengaji

 

Baturaden, 22 Oktober 2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Berkahe Gunung Slamet

 

Berkahe Gunung Slamet

Endah makmur tan kinira

Rerenggane  tinata kanthi apik

Kanthi asta prigeling Gusti

Aneng pucuking mega katon ngegla

Hagunging pangreksane Sing Kuwasa

Edi peni ing samudayane

 

Gunung kang tansah amberkahi

Unggulaning tlatah Banyumas iki

Neng dhuwur katon gagah mrebawani

Ukiran kaendahan nyata binukti

Nang sakupenging tlatah tansah binudi

Gunung Slamet ndadekna masyarakat sumungkem marang Gusti

 

Sumungkeme bukti tandha syukur

Langgeng tumekaning raga kabujur

Aneng liang kubur

Mamanise urip ambyur binalabur

Eeseme mratandani uripe bakal makmur

Tanpa siksa aneng njero kubur

 

Kedgungbanteng, 7 Desember 2021

 

 

 

 

 

 

Eling Lan Waspada

 

Poma Poma Ati Aja Sumpeg

Dina kiye lagi ruwet kaya benang bundhet

Nanging poma-poma ati aja padha melu sumpeg

Sing nrima lan sabar ngadhepi kahanan

Supaya dunya iki tansah padhang jingglang

 

Akeh wong sing ora paham

Menawa sakabehing tumindak

Manut karo titahing Gusti

Awake dhewek mung sederma nglakoni

Mula kudu tansah eling land waspada

Supaya urip ora nandhang sengsara

 

Kedungbanteng, 6 Desember 21

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Kuwaya Andum Berkah

 

Esuk-esuk langit nangis muntahna  kuwaya

Binarung tumetesing luh Gusti paring berkah

 

Amung para abdining Gusti kang lantip

Bisa maca aksara peparinging Gusti

Amung manungsa kang binudi

Bisa ngrasa kanugrahaning Ilahi Robi

 

Ati sing ireng nglemeng nggameng

Tan bakal weruh aksara kang cinathet

Aneng jagad raya sakupeng

Sanajan ngegla kawangwang tansah mingslep

 

Gusti tansah miyak manah kang binuka

Nampa kabeh piwelingNge kang ginawa ing donya

 

Kutasari, 5 Desember 2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Reriwis Tanpa Kuwung

 

Udan ora gelem pisah

Esih pengin ngancani dina-dina sepi

Dina-dina tanpa sliramu neng cedheku

Tansag gawe semeingahing manahku

 

Reriwis tanpa kuwung

Kuwunge angsup ing sajeroning bumbung

Bumbung gedhi kaya lesung tanpa irung

Irung sing ora bisa ngurup adheming sungsung

 

Udan ora marahi ati jenjem

Cumloroting pikir tumekeng pinggir pesisir

Anjujug marang papaning sri atmaja

Kang manggon ana sajabaning kutha

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Ngrungkebi Bumi Partiwi

 

Neng kulon Sabang neng wetan Merauke

Gemah ripah loh jinawi

Rerangkening pulau binelah samudra

Urut-urutan tanpa pedot ing netra

Nagri kang binudi mrabawaning budi

Gancaring laku tumindaking bawana

Kekeceh tanpa daya pangaribawa

Ewadene kudu tansah tumungkul

Binarung samudayaning panguwasa

Ing salumahing nuswantara

 

Bumi pertiwi blabur ludira

Umbuling kasetyan para mudha

Mbelani kukuh adeging nusantara

Ing telenging dunya kang bawera

 

Pepayunging hukum ilang musna

Endhe kesaput mega

Reruntuhing tatanan negara

Tanpa daya tanpa pangalembana

Ing wewengkon saindhenging donya

Wus gumlethak kadya bale tanpa saka

Ing angen-angen balia kaya asal mula

 

Kutasari, 30 November 202

 

 

 

 

Banjir Ludira

 

Pahlawan….

Jasa lan pengorbananmu ora kaetung

Sampeyan….

Mangkat neng palagan tanpa poyan

Ora gigrig ora wedi wutah getih

Mangkat manggul bambu runcing

Mapag penjajah nggawa bedil geni

Tekadmu nyawiji kanggo pertiwi

Raga lan sukmamu manunggal dadi siji

 

Bumi pertiwi blabur ludira

Arum angambar sumebar warata

Saindenging nuswantara

Asmamu kapacak ing jiwa

Mudha-mudhi Indonesia

 

Kutasari, 7 Desember 2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Ngowahi Sejarah

 

Endi klambi seragammu

Tas batmanmu sing gagah

Buku lan seputumu ndi

Opa kowe ora duwe

 

Mesti bingung olehmu njawab

Keprimen

Sebab pancen deweke ora ngerti apa apa

Jarene bocah sekolah nanging saben dina neng ngumah

Ya lucu wong neng ngumah kok nganggo seragam lan sepatu

Pegaweyane nginjen ponsel karo nonton drakor

 

Meneng-meneng peradaban wiwit owah

Sedhela maning wis ora ana bocah mangkat sekolah

Tas lan sepatu bakal dadi barang sejarah

Gedhong gedhong sekolah bakal dadi omah tua

Kosong langka sing diwuruk  diwulang

Penjaga perpus gaweyane mung lungguh kempas kempus

Nyambi ndongeng wong sing padha kumenthus

Longak longok mbok menawa ana siswa mlebu perpus

 

Kaendahaning swasana esuk wis ilang sekang pandhangan

Lagu lagu kebangsaan kelangan waranggana

Klompok paduan suara Indonesia raya esih padha turu angler

neng ngumahe dhewek-dhewek

Sing maca teks Pancasila durung adus

Lan mbuh apa maning sing bakal kedadean

 

Kabeh padha ngomong babagan majuning jaman

Nganti kelalen njaga kaendahan

Keharmonian

Kabudayan

Nganti piwulangan tanpa tapak tanpa bekas

 

Elinga…

Mengko nek ana rejaning jaman bakal kangen wektu wektu endah ing sekolah

Dene sampean bakal rumangsa salah

Sebab wis ngowahi sejarah

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Gurit Wengi

 

Wengi sangsaya pateng

Raga iki krasa adhem

Hananging ana sing nggawe jenjem

Awit ana sing njalari ati bakal adhem ayem

 

Sumilak padhang jingglang ing telenging manah

Sanajan langit peteng kuwaya wutah sadhengah dhengah

Putri ayu kang andum pepadhang salumahing lemah

Byar kadya gagat raina bagaskara andum berkah

 

Ngger cah ayu...

Ngati ngati lakumu

Aja grusa grusu

 

Wong sakukuban neng ngomah wis do bungah

Kaya nampa bebungah sekang pemerentah

Hananging kanggone aku saomah kuwe ora lumrah

Sing lumrah tekamu slamet tekan ngomah

 

#gurit wengi sepi

Kutasari, 17-12-21

 

 

 

 

 

 

 

 

NKRI Harga Mati?

 

Jare cinta pancasila

Kandhane NKRI harga mati

Endi buktine?

 

Sing ana pancasila dikebiri

NKRI dirampok dibregodog

Ibu pertiwi mung meneng kanthi ati sekreneng

Ora bisa mbangkang ora bisa mbedhal

Awit tutuke wish dibingkem

 

Ora usah sesumbar NKRI harga mati

Nek Ora bisa nguri uri ibu pertiwi

Ora usah ngaku aku pancasialis sejati

Nek pancasila deprithili

 

Ibu pertiwi mung bisa nangis kempas kempis

Ndeleng kahanan sing sangsaya mbebayani

Kaya kaya bakal musna sekang bumi

 

Kutasari, 12-12-21

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Gurit Kanggo Para Taruna

 

Le cah bagus...

Dunya kiye wis sangsaya tuwa

Age age cancut tali wanda

Gumregah golet ngelmu agama

Kanggo sangu urip ing alam donya

Uga akheratmu aja keri kanthenana

 

Ndhuk becah ayu....

Dadia wanita prasaja

Elinga marang kondrat sing kudu kok embat

Manut miturut marang bapa lan garwa

Ibu kang tansah dipercaya

Nglungguhi wanita utama

 

Kutasari, 18-12-21

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Pageblug Semeru

 

Semeru muntahna lahar

Pating jlerit swara tangis ngaru ara

Mlayu ngalor ngetan ngulon lan ngidul nggolet kayuwanan

Tan kanyana ana sing klelep ing sajerone bubur awu tanpa gula

Sedamu dadi tumbaling kesrakahaning para manungsa

Sing ora eling marang tatanane sing Kuwasa

 

Kuwe amung satunggaling pagebluk kang ana ing dunya

Esih akeh tunggale pagebluk-pageblug liya

Kabeh mau kudu disikapi kanthi awas

Nora amung nyalahna wong liya

Apa maning kahananing alam ing donya

 

Kedungbanteng, 13-12-21

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Berkahe Gunung Slamet

 

Berkahe Gunung Slamet

Endah makmur tan kinira

Rerenggane  tinata kanthi apik

Kanthi asta prigeling Gusti

Aneng pucuking mega katon ngegla

Hagunging pangreksane Sing Kuwasa

Edi peni ing samudayane

 

Gunung kang tansah amberkahi

Unggulaning tlatah Banyumas iki

Neng dhuwur katon gagah mrebawani

Ukiran kaendahan nyata binukti

Nang sakupenging tlatah tansah binudi

Gunung Slamet ndadekna masyarakat sumungkem marang Gusti

 

Sumungkeme bukti tandha syukur

Langgeng tumekaning raga kabujur

Aneng liang kubur

Mamanise urip ambyur binalabur

Eeseme mratandani uripe bakal makmur

Tanpa siksa aneng njero kubur

 

Kedungbanteng, 7 Desember 2021

 

 

 

Guruku Digugu Lan Ditiru

 

Guruku

Udan angin panas adhem

Rumangsane kanca seperjuangan

Urusan rekasa dudu barang anyar

Kabeh pangiring ing lakune

Upama prahu tanpa angin mustahil mlaku

 

Dina-dina tan nate nggresula

Iku watak wantune guru utama

Guru kang bisa digugu lan ditiru

Uga inspirasi kabeh penjuru

Guru saka panyangganing negara

Umpama Omah tan bisa ngadeg tanpa saka

 

Lumampah manut tatanan

Adat waton dadi gegondhelan

Namung sadermi lelaku kaya wayang

 

Dadia wayang...wayang mardika

Idi pangestune tansah den antu-antu

Tinanggenah sumrambah sakupenge

Ing kalangan samudayaning sunu

Rumangsa dadi panjurunging manungsa

Uba rampe kudu tansah binudi

 

 

 

 

 

Getuk Goreng

 

Getuk goreng

Entuk sekang sokaraja

Tuku satak bathi sanak

Urung tahu ketemu endhas buthak

Kanggo nguleg paling penak

 

Goreng goreng esih anget

Ora weruh benang bundhet

Rumangsa paling rapet

Enake jamu singset

Nuju dina bisa kraket

Gethuk budin gawe raket

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Apa Rila Yen Basa Jawa Ilang

 

Aku ora rila yen basa jawa bakal musna

Pancen mangsa siki wis sangsaya langka penggunane

Ananging aku tetep percaya bakal lestari

 

Rikala semana  basa jawa moncer

Ilining kasusastran kaya-kaya ora tau asat

Lestari ngrembaka tekan manca negara

Ambune sumebar wangi ngambar ambar

 

Yen siki katon kaya arep musna

Entheng neng pikir abot ing panyandhang

Netepi kewajiban njaga lestarining basa jawa

 

Bebasan abot entheng dilakoni bebarengan

Aku lan sampeyan kabeh sarana

Supaya basa jawa tansah lestari

Ana ing bumi jawa Indonesia

 

Jiwaning manungsa kudu tansah percaya

Ananing keajaiban sing wis kinodrat

Wasising manah kudu tansah diasah

Awit kudu imbang antarane jiwa lan raga

 

Ilange basa jawa ora bakal kenyana

Lamun aku lan sira kabeh can cut tali wanda

Ambendhung tekane mega

Neng tanah jawa

Gung anginggil

 

Respati Nanggal Siji

 

Wengi wis Bali menyang papan panggonan

Manjing nyawiji gagat raina

Bagaskara lon alonan lumaku sekang wetan

Tanda para among tani makarya nggolet pangupa jiwa

 

Respati nanggal siji kucem pasuryane

Lengket-lengket lakune ninggal tapake

Angslup neng papan dununge

Nyawiji sungkem marang Gustine

 

Respati....

Rupamu njlirit kadya arit

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Kidhung Awan Sapinggiring Sawah

 

Coretan sabak sing ora patia cetha

Ora nduwe makna apa maning estetika

Blazsss....

Kuwe mung ungkapan jiwa

Sing lagi nandhang sutresna amarga ketemu sedulur tuwa

Sedulur sing wis padha mencar neng ngendi ora

 

Dina kiye Gusti paring kanugrahan

Arupa nikmat sing ora kenyana

Padha kumpul sakukuban Sapinggiring Sawah

Atine padha marem lan bungah

Dene esih bisa kumpul sanajan ora mewah

 

Pinggir Sawah papan sing asri

Ora perlu ngundang peri apa maning penari

Awit neng njero ati wis katon bawera

Musna kabeh nelangsa

Sing ana amung suka suka

 

 

Kutasari, 26-12-21

 

 

 

 

 

 

 

 

Rembulane Padhang Jingglang

 

Wengi kiye katon semringah

Pawongan padha bungah

Bocah-bocah rame aneng njaba umah

Para sepuh manungkul maring Gusti pasrah

 

Rembulane bunder kluwer-kluwer

Sing padha jonjang muter-muter

Sing masang mingar-minger

 

Kartika nancang ing tawangan

Kumerlip ngawe-awe bebarengan

Banjur tumurun neng kalangan

 

Rembulane padhang jingglang

Madhangi sakupenging panyawang

Dikancani padanging lintang

Sing ambyar aneng awang-awang

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Tandang Gawe

 

Esuk umun-umun pancal kemul

Nata rambut banjur nyanggul

Tandang gawe aneng dhapur

Ngliwet uga gawe nyayur

 

Rampung beberes plencing mangkat

Ora lali sangu tahu kupat

Dewadhahi tepak isi papat

Depangan kanca cacah papat

Bubar mangan pating klepat

 

Bubar mulang bali ngomah

Mampir pasar tuku barang nggo demamah

Tekan ngomah gari mlumah

Dipijeti mbok Salamah

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Profil Penulis

 

Penulis Dra. Lasmiati, lair ing Banyumas, 20 Februari 1967. Alumni IKIP Negeri Yogyakarta sing siki ganti nama UNY tahun 1992, jurusan Bahasa Daerah (Jawa). Berprofesi sebagai seorang guru yang mengajar di SMP Negeri 1 Kedungbanteng. Bersuamikan Iriyanto, mempunyai dua orang anak, Ismail Luthvi dan Salsabila Zahro.

            Nulis awujud hoby sing isih dilakokna nganti siki sanajan minim pengalaman. Nanging, kanthi tekad kuat kula ndherek  kegiatan lomba-lomba nulis puisi sanajan durung nate juara. Sanajan mangkana ana pinten-pinten  irah-irahan puisi ingkang kasil dibukuke sareng kaliyan peserta lomba sanesipun. Kayata “Titip rindu Untuk Negeriku” ing buku kumpulan puisi “Rindu: Ketika Rindu Merasuk Kalbu” tahun 2019, “Corona”  ing buku kumpulan puisi kanthi irah-irahan “Bersatu melawan Corona” tahun 2020.

            Koresponden lewat email : lasmismpn6@gmai.com, facebook : Lasmi Miati, IG : lasmi_m_sungkono, twitter : @MiatiLasmi, dene nomor HP. 081548192202.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Sinipsis

 

Sunaring Lintang mujudna sawijining kahanan  menawa dunya kiye bakal katon asri menawa dikebeki dening sunaring lintang. Kumpulaning geguritan kang kaemot neng buku kiye ngandharaken babagan sawarnining kahanan panguripan neng dunya kiye. wiwit sekang kahanan seneng, susah, jengkel, sabar, tawakal, lan liya-liyane, kabeh karacik dadi geguritan kang prasaja.