Tuesday, May 5, 2020

PANYANDRA


PANYANDRA

Yaiku unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges mirip utawa memper.(Ungkapan yang hamper sama dengan perumpamaan yang berisi perbandingan dan maknanya sampir sama).Kang dicandra beda becike lan mengku ngalem kaendahan, kayata kahananing manungsa, kahanane sato kewanm kahanane tetuwuhan, kahananalamlanliya-liyane.(yang dicandra berbeda dengan keadaan yang sesungguhnya yang bermaksud untuk menyanjung)

1.      Candraning manungsa (Peranganing awak)
>Alise              : nanggal sepisan
>Astane           : nggandewa gadhing
>Athi-athine     : ngudhup turi
>Awake           : ramping
>Bangkekane   : nawon kemit
>Bathuke         : nyela cendhani
>Bokonge        : manjang ngilang
>Brengose        : Nglaler mencok/nguler keket
>Cahyane        : ngalentrih, sumunar, sumunu
>Dedege          : ngringin sungsang
>Drijine           : mucuk eri
>Eseme                        : pait madu, kaya madu, pinastika

2.      Candra Solah Bawa (Tandang awe)
>Lakune kaya macan luwe
>Pangamuke kaya bantheng ketaton
>Swarane kaya mbelah-mbelahna bumi
>Lambeane mlarak sempal

3.      Cabdrane Wong Nesu
>Talingan lir sinebit
>Idep mangada-ada
>Angga mubal dahana

4.   Candraning mangsa (Kahananing alam)
>Satya murca ing embanan
  Candrane mangsa kasa, tegese : wit-witan wiwit badha brindhil
>Bantala rengkah
  Candrane mangsa karo, tegese : lemah-lemah padha nela (mlethek)
>Suta manut bapa
   Candrane mangsa katelu, tegese : wit gembili (gadhung) padha mrambat
>Waspra kumembeng jroning kalbu
   Candrane mangsa kapat, tegese : tuk-tuk padha sat
>Pancuran mas semawur ing jagat
   Candrane mangsa kalmia, tegese : wiwit akeh udan
>Rara mulya kasucen
   Cabdrane mangsa kanem, tegese : ungsum who-wohan mirasa
>Wisa kentar ing maruta
   Candrane mangsa kapitu, tegese: akeh lelara
>Ajrah jroning kayun
   Candraning mangsa kawolu, tegese : mangsane kucing gandhik
>Wedharing wacana mulya
   Candrane mangsa kasanga, tegese : mangsane gareng moni, gangsir genthir
>Gedhong minep jroning kalbu
   Candrane mangsa sepuluh, tegese : akeh kewan meteng, manuk ngendhog
>Sotya sinara wedi
   Candrane mangsa sada, tegese : mangsane manuk gloloh
>Tirta sah saking sasana
   Candrane mangsa desta, tegese : mangsa pedhidhing utawa adhem.


AKSARA MURDA


TULADHA PANULISE AKSARA MURDA